Sunday, December 1, 2019

VII. BAB : KLÈRUNÉ NULIS TÊMBUNG AKSARA SWARA



Klèruning Nulis Têmbung Aksara Swara :


Mbênêraké panulising têmbung Jawa bakuné aksara swara :

--- Nulis têmbung-têmbung Basa Jawa nganggo Aksara Latin, kanggoné 
anak-putu, sarta buyutku racaké isih padha klèru, nyingkur saka paugêran.

--- Déné klèruné mung durung bisa mbédakaké sarana rasa.

--- Têmbung-têmbung kang asring kléru panulisé antarané :

1. Swara " i " jêjêg ( wulu )  karo " i " " miring ( taling ).

Conto :
--- " i " jêjêg kayata : mati, iki, lsp.

--- " i " miring =  swara " i " olehé maca swara " é " kayata : uwit, pitik, lsp.


Kayata :
~~ Têmbung "  kucing " klèruné olèhé nulis " kocéng " .

~~ Têmbung " urip " klèruné olèhé nulis " orép " .


2. Swara " u " jêjêg ( suku ), karo " u " miring ( taling-tarung ).

Conto :
--- Swara " u " jêjêg kayata : aku, buku, lsp.

--- Swara " u " olèhé maca swara " o " . 


Kayata :

~~ Têmbung " sêdulur " klèruné olèhé nulis " sêdolor " .

~~ Têmbung " cukur " klèruné olèhé nulis " cokor " .


3. Swara " o " jêjêg ( taling-tarung ) karo
 " o " miring ( nglêgêna ).

Conto :
--- Swara " o " jêjêg kayata : loro, jago, coro, lsp.

--- Swara " o " mirung olèhé maca swara
 " a/å " . 

Kayata :
~~ Têmbung " kanca/kåncå " klèruné olèhé nulis " konco ".

~~ Têmbung " lara/lårå " ( sakit ) klèruné olèhé nulis " loro " ( dua ).

--- Murih ora klèru utawa ora nyingkur paugêran panulisé aksara swara mau, pêrmananakna ( gatèkna ) katrangan ngisor iki :

--- Têmbung êndi kang panulisé bênêr ?
1. " Ono " apa " Ana "
2. " Sêdolor " apa " Sêdulur "
3. " Bêcék " apa " Bêcik "
4. " Cokor " apa " Cukur "
5. " Orép " apa " Urip "
6. " Loro " apa " Lara "

--- Carané nggoléki sing bênêr, yaiku têmbung kasêbut, wuwuhana ( tambahi ) panambang ( é ;  ; aké ; ).

--- 1. Ono + ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Anané ".

--- 2. Sêdolor + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Sêduluré ".

--- 3. Bêcék + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Bêciké ".

--- 4. Cokor + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Cukuré ".

--- 5. Orép + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Uripé ".

--- 6. Loro + ---> yèn diwaca swarané ajêg, pratandha nulisé uga  " Loroné ", mung duwé têgês " Loro " têmbung wilangan ( 2 ).

--- 7. Lara + ---> yèn diwaca swarané ajêg, pratandha nulisé uga " Larané ", kang duwé têgês " Lara " têmbung kahanan 
( kêtaman lêlara/sêsakit ).

~~~ Ya owah-owahan kuwi, sing bênêr kanggo nulis. ----> :

1. Ono ---> sing bênêr nulisé ----> Ana.
2. Sêdolor ---> sing bênêr nulisé
                   ---> Sêdulur.
3. Bêcék ---> sing bênêr nulisé ---> Bêcik.
4. Cokor ---> sing bênêr nulisé --> Cukur.
5. Orép ---> sing bênêr nulisé ---> urip.
6. Loro ---> sing bênêr nulisé ---> loro.
7. Lara ---> sing bênêr nulisé ---> lara.

--- Inti sariné lamun nulis têmbung banjur kawuwuhan panambang yèn diwaca olehé maca swarané owah ( ora padha karo sing kotulis ), atêgês  sing bênêr olehé nulis kaya owah-owahan mau.
Lamun kawuwuhan panambang yèn diwaca swarané panggah, atêgês panulisé migunakaké kaya têmbung linggané.

--- Mangkono mau carané anggolèki nulis têmbung, manut paugêran panulisan têmbung Basa Jawa nganggo Aksara Latin, mliginé aksara swara.

--- Muga bisa nambahi sêsurupan.

          Nuwun.


                      --- wjg ---


---> ana candhaké  
       BAB : PARAMASASTRA JAWI  VIII. 1.

0 comments:

Post a Comment