Unggah-Ungguhing Basa 11 :
Basa Krama Désa :
--- Basa Krama Désa iku têmbungé krama kacampuran têmbung-têmbung Krama Désa.
--- Basa Krama Désa iku dudu wêwilangané basa kang alus, ya mung lumrahé wong-wong padésan sing kurang pangêrtèn babagan sastra.
--- Amarga racaké têmbung wis dadi têmbung krama, nanging sawênè isih dikramakaké manèh, mung bêtèké kumudu-kudu olehé arêp ngajèni.
--- Nganti têkan jênênging panggonan sarta araning barang uga dikramakaké.
Kayata :
--- Têmbung araning kutha :
| 1 | Sêmarang | Sêmawis |
| 2 | Banyumas | Toyajêné |
| 3 | Têmanggung | Têmanggêl |
| 4 | Salatiga | Salatigên |
| 5 | Kêndhal | Gajihan |
| 6 | Bayalali | Bajulkêsupèn |
| 7 | Kaliangêt | Lèpènangêt |
| 8 | Surèn Gêdhé | Sêgawon kèndêl agêng. |
| 9 | Wanasaba | Wanasowan, lsp. |
--- Têmbung aran liyané kayata :
| 1 | Kêdhêlé | Kêdhangsul |
| 2 | Kwali | Kwangsul |
| 3 | Mori | Montên |
| 4 | Tuwa | Sêpah |
| 5 | Wêdi | Wêdos |
| 6 | Ratan | Radosan |
| 7 | Durèn | Ambêtan |
| 8 | Manggis | Pijêtan |
| 9 | Dhuwit | Yatra |
| 10 | Sêgélo | Sêgèntên, lsp. |
--- Nanging wêktu saiki têmbung-tembung kasêbut wis arang kêprungu.
--- Déné titikan liyané yaiku :
| 1 | Aku | kula |
| 2 | Kowé | sampéyan |
| 3 | Atêr-atêr dak | kula |
| 4 | Atêr-atêr ko | sampéyan |
| 5 | Atêr-atêr di | dipun |
| 6 | Panambang ku | kula |
| 7 | Panambang mu | sampéyan |
| 8 | Panambang é | ipun |
| 9 | Panambang aké | akên. |
--- Tuladha gunêm :
1. Kula nêmbé késah pados sindhutan
dhatêng Sêmawis. --->
--- sindhutan = pêté
--- Sêmawis = Sêmarang.
2. Griyanipun marasêpah sampéyan rak
wontên Bajulkêsupèn ta ? --->
( Bajulkêsupèn = Bayalali ).
3. Ambêtan punika sagluntung botên
angsal kalih dasa pérak. --->
( Ambêtan = durèn ).
4. Kula botên siyos tumbas pijêtanipun,
Bapak botên angsal. --->
( pijêtan = manggis ).
5. Mênawi badhé ajar numpak sêpédha
ampun wontên radosan, bilih ngganggu
kêndharaan sanès. --->
( radosan = ratan ).
6. Adhi sampéyan wêdos kalih kucing
nggih ? ---> ( wêdos = wêdi = ajrih ).
--- wjg ---
-----> ana candhaké : BASA KÊDHATON
III. 12.
0 comments:
Post a Comment