Sunday, December 29, 2019

IX. No. 12. A. 11. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ LUMARAPING PASUGATAN BÊKSA ).

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan       Pawiwahan 12 :


Aturé Pambiwara Badhé Lumaraping  Pasugatan Bêksa :

       Para rawuh ingkang minulyèng budi  kinarya hamiyak sêpining swasana miwah hanglêlipur tyas, badhé kaaturakên pasugatan Lêlangên Bêksan  inggih punika winastan Bêksa .... ( Gambyong ; Karonsih ; Bambangan Cakil, lsp ), ingkang badhé kaparagakakên dening Rara.........( ingkang piniji ).

        Katur dhumatêng para lêbda ing budaya ingkang tinanggênah ngayahi gati, wêkdal saha sasana kasumanggakakên.

Sumangga, nuwun.


Pêpèngêt :
    Mênawi wontên pasugatan bêksa, prayogi kasêbatakên asmanipun ingkang mbêksa/amarga.
   Mênawi botên wontên Langên Bêksan, swasana kajumbuhakên ( Langên Suka mawi Uyon-uyon Cassete utawi Flashdisk )


                       --- wjg ---


---> ana candhaké : 
      BAB :  TULADHA ATURIPUN
      PANATACARA NGANCIK ADICARA
      PAMBAGYAHARJA  IX. 13. A. 12.

0 comments:

Post a Comment