Sunday, November 24, 2019

III. No. 12. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA KÊDHATON )

Ilustrasi. Photo Copyright Panawung Krida website Warung Jawa Gaul Ki Soêtiadi Sêtjådihardjå.


Unggah-Ungguhing Basa 12 :


Basa Kêdhaton ( Basa Bagongan ) :

--- Basa Kêdhaton iku basané para santana lan abdining ratu, yèn padha caturan ana ngarsané Ratu, utawa ana ngarsané para Pangéran, utawa caturan ana ing sajroning cêpuri Kêdhaton.


--- Déné titikané yaiku :

1. Wujudé têmbung krama kacampuran
    têmbung basa kêdhaton, tanpa têmbung
    krama inggil kang tumrap marang
    madyama purusa.


2. Tumrap têmbung-têmbung :

2.1Akumanira
2.2Kowépakênira
2.3Atêr-atêr dakmanira
2.4Atêr-atêr kopakênira
2.5Atêr-atêr dipanggah
2.6Panambang kukula
2.7Panambang mudalêm
2.8Panambang épanggah
2.9Panambang aképanggah.



--- Têmbung-têmbung kadhaton sawêtara :

1Punapapunapi
2Ikipuniki
3Ikupuniku
4Oraboya (mboya)
5Inggihénggéh
6Baébêsaos
7Anawèntên.


--- Sarèhning ing Jawa Têngah iki mung ana kadhaton loro cacahé yaiku ing Surakarta sarta Ngayojakarta, dadi basa kadhaton iku sing ana ya mung Kraton Surakarta Hadingrat lan Kraton Ngayojakarta Hadiningrat, kuwi baé wujudé akèh bédané.


--- Tuladha gunêm :

1. Paman Patih, pakênira manira timbali
    wèntên ngarsa manira.

2. Punapi para prajurit boya wèntên
    ingkang nglirwakakên dhawuh manira.

3. Dhuh Sinuhun sêsêmbahan sadaya para
    kawula. Kados sadaya boya wèntên
    ingkang nglirwakakên dhawuh dalêm.

4. Jêngandika Paman Patih, kêdah sagêd
    dados sêsêpuhing nagari.

5. Énggéh sêndika Sinuhun.


--- Tuladha sawêtara basa kadhaton ing Surakarta pêthikan saka layang basa Jawa  karangané Ki Patmasusastra ing Surakarta .



KÊDHATON SURAKARTA :

--- Mbah Gaul : " Kala punapi olih jêngandika ndêdêgi panggihing pangantèn ing Wirapatèn ? "

--- Mbah Jawa : " Kala wingi "

--- Mbah Gaul : " Caranipun punapi mêksih kadi kina, wanci tabêh nêm panggih, punapi cara sapuniki, nganti wanci tabèh sanga sawêg panggih ? "

--- Mbah Jawa : " Mêksih cara kina, tabèh nêm panggih ".

--- Mbah Gaul : " Dhaharipun kadi pundi, pista punapi larihan ? "

--- Mbah Jawa : " Mêksih cara kina, dhahar pista, ola-olahan Jawi lumados asrêp, énggéh kirang éca, kula kirang séta ".


KÊDHATON NGAYOGYAKARTA :

--- Mbah Gaul : " Kala punapi anggèn pakênira nungkuli panggihé pangantèn ing Wirapatèn ? "

--- Mbah Jawa : " Kala wingi ".

--- Mbah Gaul : " Carané punapi taksih kados kina wanci jam ênêm panggih, punapi cara sapuniki, ngantos wanci jam sanga sawêg panggih ? "

--- Mbah Jawa : " Taksih cara kina, jam ênêm panggih."

--- Mbah Gaul : " Anggèné nêdha kados pundi, pista punapi larihan ?"

--- Mbah Jawa : " Taksih cara kina, anggèné nêdha pista, olah-olahan Jawi lumados asrêp  énggéh kirang éca, manira kirang doyan ."


                       --- wjg ---


----> ana candhaké  BAB KRAMA MADYA
        KAJARWA BASA INDONÉSIA  III. 13.



0 comments:

Post a Comment