Sunday, December 29, 2019

IX. No. 20. A. 19. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURÉ PAMBIWARARA BADHÉ WAOSAN DONGA )

 
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan  Pawiwahan 20 :


Aturé Pambiwara Badhé Waosan Donga Panutup :

          Sanggya para rawuh ingkang minulyèng budi, ngancik adicara salajêngipun nun inggih waosan donga déning têtuwanggana ingkang piniji. 
Atur donga konjuk dhumatêng Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, mugi panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ) anggènipun hanêtêpi darmaning asêpuh  hamiwaha putra mahargya siwi, tansah winantu ing suka basuki.

        Sêmantên ugi putra pangantèn sarimbit anggènipun badhé lêlumban wontên madyaning bêbrayan agung, tansah ayêm-têntrêm, bagya-mulya ingkang sinêdya, rahayu ingkang tinêmu. 

      Datang kawuri mugi para tamu sinêdhahan tansah manggiha rahayu.  Aamiin.

         Wondéné ingkang piniji kêparêng badhé ngaturakên donga panjênênganipun Bapa .... ( ingkang piniji ).

          Ingkang punika, sasana saha swasana kawula sumanggakakên.

Sumangga, nuwun.



                        --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB : TULADHA ATURIPUN
       PANATACARA SASAMPUNIPUN
       WAOSAN DONGA IX. 21. A. 20.
 
           

0 comments:

Post a Comment