Monday, December 30, 2019

IX. No. 26. B. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA SOWANIPUN PANGANTÈN KAKUNG )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
 Pawiwahan 26 :


Panatacara Nyandra Sowanipun Pangantèn Kakung :

           Kumênyar mawa prabawa, sumirat hambabar téjamaya, saya dangu sangsaya ngégla, saya cakêt sangsaya ngaléla, lha punika téjaning risang pinangantèn kakung pun Sang Bagus ....ingkang binayang karé mijil saking wisma palêrêman, kinanthi manjing sasana pawiwahan.

             Gumêbyar busananing putra pangantèn kakung  hangagêm busana ingkang tinarètès bênang sotya, ngagêm irah-irahan kanigara, hangémba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa.

             Agung atêgês kêbak ing kaéndahan kang sanyata adi-luhung.  Mrabu atêgês pindha jêjêring naréndra kèbêkan ing kawibawan luhur, déné mrabawa atêgês sinung prabawa adi éndah milangoni.

              Dhampyak-dhampyak para kadang-wandawa ingkang samya hangayap tindakira putra pangantèn kakung.  Pinangantèn kakung hanggènnya lumaksana lêngkèh-lêngkèh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapêcak mangu, satindak kèndêl, sêmu hangungun mulat éndahing swasana ingkang hangrênggani tawinging wiwara.

               Wus handungkap unggyan kang tinuju, gya kèndêl tindakira wong agung kang pindha naréndra, wontên sangajênging wiwara wisma pawiwahan, kêparênging sêdya hangrantun laksitaning adi-cara.


                    --- wjg ---


------> ana candhaké : 
         BAB : TULADHA PANYANDRA
         UPACARA PANGGIHING PANGANTÈN
         IX. 27. B. 4.

0 comments:

Post a Comment