Thursday, December 26, 2019

IX. No. 8. A. 7. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ UPACARA PANGGIH )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
  Pawiwahan 8 :

Aturé Pambiwara Badhé 
Upacara Panggih :

         Wus paripurna pasrah panampining putra pangantèn kakung, kanthi rahayu nir wikara.

         Para rawuh ingkang minulyèng budi, wus dumugi wahyaning mangsakala laksitaning upacara panggih  anut satataning adat widiwidana ingkang sampun sinêngkêr.

        Wondéné para paraga ingkang piniji nun inggih :

Ingkang mratitisakên panggihing putra pangantèn panjênênganipun Ibu .........
(juru rias ).
Ingkang hanganthi pangantèn kakung Bapa.... sarta Bapa....
Ingkang nyamêktakakên uba rampéning panggih Ibu......

          Dhumatêng sanggya para rawuh, kaparênga jumênêng sawatawis, sapêrlu paring puji pangèstu dhumatêng panggihing pangantèn, awit saking panjurung pangèstu handika sami, mugi upacara panggih kalis ing rubéda.
Rahayuning sêdya kasumanggakakên dhumatêng para ingkang piniji.

             Panggihing pangantèn kabiwadha ungêling gangsa Kodhok Ngorèk, kalajêngakên Kêtawang Larasmaya Pélog Barang.

Sumangga, nuwun.


                      --- wjg ---

( Kacandra MIRSANANA TULADHA
   PANYANDRA IX. 27 B. 4 )


                     --- wjg ---


---> ana candhaké : 
      BAB : ATURIPUN PANATACARA BADHÉ
      UPACARA KROBONGAN IX. 9. A 8.

0 comments:

Post a Comment