Friday, December 27, 2019

IX. No. 9. A. 8. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ UPACARA KROBONGAN )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
  Pawiwahan 9 :


Aturé Pambiwara Badhé Upacara Krobongan :

     Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trêp pindha curiga manggih warangka.  
Bêbasan gêtih rong tètès, daging rong tèmpèl, balung rong cêklèk, samangké wus manunggal dadya sajuga. 
Sang jêjaka miwah sang kênya, mangkya wus manunggal ing karêp, nunggal sêdya, nunggal tékad, nunggal ati  nunggal raga, nunggal jiwa.

       Paraning sêdya ninggal alam jêjaka miwah kênya, sapêrlu sêsarêngan lêlayaran ing samodraning gêsang, angayahi darmaning kodrat.
Jêjêring gêsang kêdah jêjodhoan minangka sarana nangkarakên wiji kinarya lêstarining tumuwuh.

       Para rawuh ingkang minulyèng budi, ngancik adicara salajêngipun nun inggih Upacara Adat Krobongan, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah.
Upacara krobongan punika antawisipun : 

--- Timbangan, Kacar-kucur, Dulangan, sarta Ngunjuk Rujak Dêgan.

        Wondéné ingkang badhé mratitisakên lampahing Upacara Krobongan nun inggih panjênênganipun Ibu......

         Dhumatêng ingkang tinanggênah, wêkdal saha swasana kawula sumanggakakên.

Lampahing Upacara Krobongan kabiwadha ungêling Ladrang Sri Widodo, laras Pélog 6.

Sumangga, nuwun.

Katrangan :
Tanpa candran, manawi badhé kaisi prayogi sarana Rêrêpèn ( kêkidungan ) kanthi ungêling gangsa kasirêp, lagu kajumbuhakên laras sarta pathêting Gêndhing.



                       --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB : ATURIPUN PANATACARA
       BADHÉ RAWUHIPUN BÉSAN IX. A. 9.

0 comments:

Post a Comment