Tuesday, December 31, 2019

IX. No. 33.C. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PAMITAN SRAH-SRAHAN LAMARAN )

    Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
    Pawiwahan 33 :


    Tuladha Atur Pamitan Srah-srahan :


      Assalamu'laikum Wr.Wb.

      Katur dhumatêng panjênênganipun para pêpundhèn, para sêpuh, para pinisêpuh, ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn, punapa déné panjênênganipun para tamu kakung-putri ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.

      Kawula ngaturakên sèwu agunging pangaksama, dené kawula sakulawarga 
( sarombongan ) parikêdah angrêridhu, anggèn panjênêngan wawan pangandikan, sapêrlu sumêla atur ing ngarsanipun Bapa/Ibu ....  ( ingkang nampi lamaran ), sumrambah para rawuh sêdaya.

      Puji syukur kunjuk ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Mirah, déné wigatosing sêdya kawula sampun kalampah kanthi rahayu kalis saking rubéda.
Sêdaya kala wau amung saking rahmating Gusti Ingkang Maha Mirah.

       Kawula ingkang piniji sulih sarira minangka talanging basa, rèhning gatining sêdya sampun paripurna, mugi kalilanana kawula sakulawarga ( sapangombyong ). kêparênga nyuwun pamit madal pasilan.

         Ingkang punika kawula nyuwun tambahing puji pangèstu, mugi-mugi lampah kula sakulawarga ( sarombongan ) tansah manggih rahayu, ugi mugia badhé calon bésan dalah sagung kulawarga sapêngkêr kula tansah widada nir ing sambékala.
Aamiin.

        Minangka tutuping atur, bokbilih sowan kula sakulawarga ( sarombongan ) wontên tutur ingkang kalantur, miwah kiranging tata-krami, nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun.


         Wassalamu'alaikum Wr.Wb.



                       --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB : TULADHA ATUR WANGSULAN
       PAMITAN  IX. 34. C. 4.

0 comments:

Post a Comment