Thursday, December 5, 2019

IV. NO. 2 WÊWATON PANULISÉ TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA LATIN ( BAB : PAMILAHING WANDA )


Wêwaton Panulising Têmbung Jawa Nganggo Aksara Latin 2 :


B.  Bab Pamilahing Wanda :

---  1. Pamilahing wanda iku manut karo pakêcaping têmbungé.

Tuladha :

--- baya --->         ba - ya.
--- kapal --->        ka - pal.
--- sagantên ---> sa - gan - tên.
--- rêmbulan --- > rêm - bu - lan.
--- nyêkapakên ---> nyê - kap - a - kên.
--- nyumanggakakên ---> nyu - mang -
    gak - a - kên.

      Nanging tumrap têmbung kanthi panambang sing ora luluh karo wêkasaning têmbung lingga, panambang mau kaanggêp wanda siji.


Tuladha :
--- pagunungan ---> pa - gu - nung - an.
--- nulupi  --->            nu - lup - i.
--- kêpanasên --->   kê - pa - nas - ên.
--- nulisa  --->         nu - lis - a.



--- 2. Pakêcapan apa déné panulisé têmbung kang kanthi atêr-atêr hanuswara kang ora luluh karo purwaning lingga, tumraping têmbung utawa têmbung pacakan, wênang utawa asring diulur.


Tuladha :
--- njabut ---> diulur dadi hanjabut
--- ndarbèni ---> diulur dadi handarbèni.
--- mbarêngi ---> diulur dadi hambarêngi.
--- nyênyadhong ---> hanyênyadhong.
--- njajari ---> hanjalari.
--- ngupadi ---> hangupadi.
--- ngundhuh ---> hangundhuh.

( tumrap basa padinan, ora pêrlu diulur ).



--- 3. Aksara : dh, kh, ng, ny, th  ---> iku dianggêp saaksara, mula pamilahing wanda ora kapêdhot, utawa kapisah.

Tuladha :
--- budhal ---> ora kêna dipilah ---> bud - hal.
--- bathuk ---> ora kêna dipilah --> bat - huk.
--- banyu ---> ora kêna dipilah --->  ban - yu.
--- barêngan ---> ora kêna dipilah -->
    ba - rên - gan.



                       --- wjg ---


----> ana candhaké PANULISING
       TÊMBUNG IV. 3.

0 comments:

Post a Comment