Tuesday, December 17, 2019

VIII. No. 11. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG GUNA )

 Paramasastra Jawi 11 :


Rimbag Guna :

--- Têmbung " guna " iku têgêsé ; pintêr, kapintêran, paédah, maédahi, gawé, watak, kaanan.
--- Têgêsé ana ing têmbung Rimbag Guna kang mathuk mung " kaanan ".
Dadi rimbag guna iku mratélakaké kaanan, nanging kaanan kang kurang nyênêngaké.
--- Mula bisa ditêgêsi " nandhang kaanan kang kasêbut ing linggané ".

--- Rimbag Guna yaiku : têmbung-têmbung kang olèh wuwuhan panambang " ên ".
Têmbung Guna iku ngêmu têgês nandhang kaya kasêbut ing linggané.

--- Rimbag Guna kapérang dadi têlung warna yaiku :

  a ). Kang kadadéan saka têmbung lingga.

~~ Tuladha :
       1. wudun + ên     =  wudunên.
       2. panu + ên        =  panunên.
       3. gudhig + ên     =  gudhigên.
       4. bèlèk + ên        =  bèlèkên
       5. bidhur + ên      =  bidhurên


  b ). Kang kadadéan saka têmbung
        rangkêp.

~~ Tuladha :
       1. aras-arasên.
       2. awang-awangên.
       3. impèn-impènên.
       4. ton-tonên
       5. aras-arasên.


   c ). Kang kadadéan saka têmbung
         camboran.

~~ Tuladha :
       1. mata-walangên.
       2. mata-dhuwitên.
       3. kami-thotholên.
       4. kami-têtêpên.
       5. kami-dêlêpên, lsp.



                     --- wjg ---

------> ana candhaké :
          BAB : RIMBAG ADIGUNA  VIII. 12.

0 comments:

Post a Comment