Monday, December 30, 2019

IX. No.29. B. 6. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA KIRAB KANALÉNDRAN )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
 Pawiwahan 29 :


Panyandra Kirab Kanaléndran :

      Rêgung-rêgung hamêrbawa risang pangantèn sarimbit mêdhak saking palênggahan pinapag Sang Suba Manggala arsa jêngkar tilar pawiwahan kinirabakên angulati wahyuning jodho.

    Têdhak jlêg ngampil amparan rukmi dèn ginarubyug déning Putri Dhomas, horêg kang samya hanjênêngi prasasat kadya Naréndra siniwaka arsa jêngkar hangêdhaton.

         Binayang-bayang sirna kamanungsané kadya Déwaning Kabagyan arsa langlang bawana.  Ramyang-ramyang katongton kênyaré hanukswèng sasi pratandha wus kasipatan wahyuning jodho jatmika.
Hamrêbawa handayani warata sanggya ingkang hanjênêngi kadya antuka gêmpalaning nugraha.

          Sintên ta ing ngarsa asung tuladha ingkang minangka pramukaning lampah, busana lir Panèwu mantri  mataya ngrantaya kadi angganing Sénopati, lha punika warnané Sang Suba Manggala. 

       Dhasar pidêksa sarwa sambada, maksih mudha-taruna wimbuh hambêg susila anoraga, lêbda rèh wilêting bêksa  lampah ngrantaya anut larasing wirama  hanggung kèndêl, tindaké sapêcak mangu  sapêcak tumulih tansah kadriya marang têmbéné winisuda sandéya manawa kasandhunging rata, kabêntus ing awang-awang.

           Sinambung ing wuntat lampahing Manggalayuda sakêmbaran, kêmbar busanané, kêmbar dêdêg-piyadêgé, kêmbar warnané.

      .Katinon saking mandrawa kadya jambé sinigar, wadanané sumunar agilar-gilar, ngagêm busana sarwi Jênar, mila tan mokal lamun para kênya ing raos, samya kumêsar, andulu bagusé kêmbar.

            Sawurinira ana dwi wanodya alit sakêmbaran, parandéné wus katon sumunar téjané, mencorong cahyané, katinon saking mandrawa gléwo-gléwo kadya golèk kêncana kang bisa tata jalma, inggih punika winastan Patah Sakêmbaran.

           Sinigêg ganti kang cinarita, sintên ta ing madya amangun karsa ingkang ngagêm busana lir Raja kabiwada, lah punika ingkang dados mustikaning karya, mêmaniking kandha, jatining kang rinêngga, inggih Sang Pangantèn sarimbit nun inggih Bagus ....kaliyan Rara .... 
( asma pangantèn ).

          Lumampah sarana akêkanthèn asta, kêkêt-rakêt rênggang gula kumêpyur pulut.
Kêkalihira sajak lingsêm sêmu suka, hanggung rêrêmêtan asta, anggraita lamun para tamu tan wontên ingkang uninga, kajawi pangêndhaliwara.

        Dhasar wus dangu nggènira hanganti tumapaking pahargyan, marma sakêdhap-sakêdhap hangunjal huswa, hanggêgêt lathi, karana tansah kadriya kang ginupit mangké ing tilam sari.

         Sawingkingnya sang pinangantèn, punika Ibu juru paès dalah Ibu pangêmbaning putra pangantèn sarimbit.
Dhasar Ibu Juru sungging prigêl, trampil angayahi jêjibahan, angrêngga, amêmatut, amamantês sang pangantèn, mila asiling pakaryan satuhu datan nguciwani.

          Lampahira sang pindha Raja ginarubyug para rêmaja putri èsthining warni kadya Putri Dhomas.
Dhasar sadaya sami sulistyèng warni, gandhês luwês mêrak ati, lêléwané milangoni.  Ing pangajap bénjang dadya putri kang sêjati, kadya swargi R.A. Kartini, ingkang kahèsthi amung sawiji, mugi-mugi bénjang winêngku satriya sêjati.

            Ingkang kaparêng tut wuri handayani nun inggih ingkang hamêngku gati sarimbit garwa, hangliring kanan-kèring sêmu katuju ing nala, ngawuningani sagung para tamu katingal samya suka marwata suka.
Bombonging nala prasasat tan kêna pinêtha ing basa, sèwu bagya dadya sajuga.



                        --- wjg ---


---->  ana candhaké : 
        BAB : TULADHA PANYANDRA
        KIRAB KASATRIYAN  IX. 30. B. 7.

0 comments:

Post a Comment