Sunday, December 29, 2019

IX. No. 24. B. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA PANGANTÈN PUTRI ANUJU SASANA WIWAHA )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
 Pawiwahan 24 :


Panyandra Pangantèn Putri Anuju Sasana Wiwaha :

        Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Kêtawang Sêkartéja Sléndro Manyura, ana ganda arum hangambar katiyuping samirana manda.

       La punika jêjuwitaning pahargyan ing ari/ratri punika, putra putrinipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati ), sêsulih Rara .... mijil saking sasana têpas wangi hangagêm busana pangantèn putri, ingayap ginarubyug para sêpuh manjing jroning sasana rinêngga badhé kabiwada.

          Dhasar sulistyèng warni  tur nêdhêng-nêdhêngé bêsus angadi sarira tuwin ngadibusana, kathik kabiwada kêdah mangagêm busana satataning putrining kraton, pramila tan mokal kalamun kathah ingkang samya tambuh.

         Lampah ruruh hangujiwat, sêmu daya-daya énggal dumugiya papan palênggahan.
Sumêngkaning raos ndang agé-agé tinêmu marang gantilaning nala.

          Sri pangantèn putri hangagêm busana ingkang sarwa rêtna, angémba busananing Rajaputri, katon pating galêbyar, pating pancurat lamun kasorot sunaring pandam kurung ingkang angrênggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prênah.  Gêgêlung malang rinêngga oncèn-oncèn sêkar mêlathi.

        Cêcundhuk sêkar kanthil  èsmu suka sasmita tansah kumanthil-kanthil calon pangantèn kakung.  Agêman kêbayak baludru langking sinulam rinénda lir kancana rukmi satuhu.
Dodot Sidamukti sinêpuh prada binabar, amparan rukmi sinulam bênang jêné.

         Praptèng madyaning sasana pawiwahan kang umiyat kagyat agora kang apindha Sitarêsmi.
Datan mokal sanggyaning para tamu kakung sumawana putri, kang wus kêbak ambalabar angêbaki jroning pawiwahan, rinasa anggung pangaribawaning Sri Pangantèn Putri.

         Marma sakêdhap-sakêdhap tumungkul èsmu lingsêm nanging suka, mèsêm jroning batos hangraos lamun sadaya ingkang hanjênêngi samya hangalêmbana mring têmbéné kang winisuda.

          Lulus raharja sowanipun pinangantèn putri, dupi wus praptèng unggyaning kang tinuju, déning pangêmbating pangantèn putri nulya kalênggahakên ing dhampar rinêngga.

       Wus lênggah anggana raras, anggana = ijèn, raras = éndah.
Lênggah piyambakan katingal raras rum, hangrantun laksitaning adicara.



                       --- wjg ---


---->  ana candhaké : 
        BAB : TULADHA PANYANDRA
        RISANG DUTA PAMÊTHUK
        No.  IX. 25. B. 2.

0 comments:

Post a Comment