Wednesday, November 20, 2019

III. No. 1. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : PÉRANGAN UNGGAH-UNGGUHING BASA )




Unggah-ungguhing Basa 1 :

Pérangan Unggah-ungguhing Basa :

--- Unggah-ungguhing basa iku mujudaké sawijining tata-cara utawa patrap kanggo sêsrawungan kang nduwèni watak tata-krama utawa sopan-santun sajroning  gunêman, tumrap wong Jawa kang wis turun-tumurun.

--- Dadi wong gunêman iku kajaba ngèlingi dhapukaning têmbung kang kudu sampurna, isih kudu ngèlingi sapa sing diajak gunêm iku mau.

--- Gunêman karo wong tuwa, utawa karo wong kang luwih dhuwur drajaté/pangkaté, kuwi prayogané ora digawé padha karo yèn gunêman karo kanca kang wis wanuh bangêt utawa kulina, utawa wong kang luwih ênom.
Awit prayoga bangêt lamun.anyungga  utawa ngajèni wong kang diajak gunêm.

--- Wondéné unggah-ungguhing basa iku kang baku ana warna papat yaiku :

   1. BASA NGOKO
   2. BASA MADYA
   3. BASA KRAMA
   4. BASA KÊDHATON

--- Ing ngisor iki kapratélakaké cêngkorongan pambagining unggah-ungguhing basa Jawa :

1. BASA NGOKO :
1.1. Ngoko Lugu.
1.2. Ngoko Andhap : 2
       1.2.1. Antya Basa
       1.2.2. Basa Antya


2. BASA MADYA :
2.1. Madya Ngoko.
2.2. Madya Krama.
2.3. Madyantara.


3. BASA KRAMA :
3.1. Kramantara.
3.2. Mudha Krama.
3.3. Wrêdha Krama.
3.4. Krama Inggil.
3.5. Krama Désa.


4. BASA KÊDHATON :

--- Basa Kêdhaton iku sawênèh ana kang nyêbut Basa Bagongan, yaiku basa gunêm kang digunakaké ana ing sajroning kulawarga Kraton.

--- Basa kang wêrna-wêrna iku yêktiné ora diênggo gunêm kabèh, sing mêsthi kanggo yaiku : Basa Ngoko,  Basa Mudha Krama,  sarta Basa Krama Inggil tumrap kanggo nyungga kang diajak gunêm.


--- Éwasêmana, ora ana alané kita  nyumurupi basa-basa mau kabèh mau, supaya nambah sêsurupan.


                        --- wjg ---

----> ana candhaké BASA NGOKO LUGU
        Bab. III. 2.

1 comment: