Friday, December 20, 2019

VIII. No. 24 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG PAKON )

 Paramasastra Jawi 24 :


Têmbung Pakon :

--- Têmbung " pakon " yaiku : sarupaning têmbung kang mratélakaké sawijining préntah.

--- Déné têmbung Pakon bisa kabédakaké dadi rong golongan yaiku :


A. TÊMBUNG PAKON TANDUK.
B. TÊMBUNG PAKON TANGGAP.



A. TÊMBUNG PAKON TANDUK :

--- Têmbung pakon tanduk uga kapérang dadi têlung warna yaiku :

   I. TÊMBUNG PAKON TANDUK WANTAH.
  II. TÊMBUNG PAKON TANDUK " i " KRIYA.
 III. TÊMBUNG PAKON TANDUK
       " ké " KRIYA.

 --- Katrangané :

 I. TÊMBUNG PAKON TANGGAP WANTAH :

--- Yaiku, têmbung pakon kang asalé saka têmbung tanduk wantah kawuwuhan panambang  " a ".
--- Wujudé = tanduk + a, déné rimbagé diarani RIMBAG TANDUK WANTAH.

~~ Tuladha :
     1.  maca + a --------->  macaa.
     2.  mangan + a -----> mangana.
     3.  nggawa + a ------> nggawaa.
     4.  nulis + a -----------> nulisa.
     5.  nggambar + a ---> nggambara.


II. TÊMBUNG PAKON TANDUK " i " KRIYA :

--- Yaiku têmbung kang asalé saka têmbung tanduk " i " kriya, kawuwuhan panambang " ana ".
--- Wujudé = tanduk + ana, déné rimbagé diarani RIMBAG PAKON TANDUK " i " KRIYA.

~~ Tuladha = 
       1. milihi + ana ---> milihana
       2. macani + ana --> macanan
       3. nyaponi + ana --> nyaponana
       4. njupuki + ana ---> njupuk ana
       5. nggawani + ana --> nggawanana.


 III. TÊMBUNG PAKON TANDUK " ké "
       KRIYA :

--- Yaiku sarupaning têmbung kang asalé saka têmbung tanduk " " kriya kawuwuhan panambang " na ".
--- Wujudé = tanduk + na, déné rimbagé diarani RIMBAG PAKON TANDUK " " KRIYA.

~~ Tuladha :
     .1.  nulisaké + na ----------> nulisna.
      2.  nggawakaké + na ---> nggawakna.
      3.  macakaké + na ------> macakna.
      4.  nyapokaké + na -----> nyapokna, lsp.


B. TÊMBUNG PAKON TANGGAP :

--- Têmbung pakon tanggap kêna uga digawé pakon, nanging mung têmbung tanggap " ko ".

--- Têmbung pakon tanggap, bisa kapérang dadi têlung warna yaiku :

   I. PAKON TANGGAP " ko " WANTAH.
  II. PAKON TANGGAP " ko " KRIYA.
 III. PAKON TANGGAP " ko " ké KRIYA.

--- Katrangané :

  I. PAKON TANGGAP " ko " WANTAH :

--- Yaiku kang asalé saka têmbung tanggap " ko " wantah, dadiné pakon kudu diwuwuhi panambang " ên ".
--- Déné wujudé = lingga + ên.

~~ Tuladha :
     1.  kowaca ---> pakoné ---> wacanên.
     2.  kojupuk ---> pakoné ---> jupukên.
     3.  kotulis -----> pakoné ---> tulisên.
     4.  kosapu ----> pakoné ---> sapunên, lsp.



 II. PAKON TANGGAP " ko " i-KRIYA :

--- Yaiku pakon kang asalé saka têmbung tanggap " ko "i- kriya, dadiné pakon kudu kawuwuhan panambang " ana ".

--- Déné wujudé = lingga + ana.
Rimbagé diarani RIMBAG PAKON TANGGAP " ko " i-KRIYA.

~~ Tuladha :
     1.  kopilihi ------> pakoné ----> pilihana.
     2.  kosaponi ---> pakoné ---> saponana.
     3.  kojupuki ----> pakoné ---> jupukana.
     4.  kotulisi ------>  pakoné ---> tulisana.



 III. PAKON TANGGAP " ko " ké KRIYA :

--- Yaiku têmbung pakon kang asalé saka têmbung tanggap " ko " ké - kriya, dadiné pakon sarana kawuwuhan panambang " na ".
--- Déné wujudé = lingga +na.
Rimbagé diarani RIMBAG TANGGAP " ko " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
     1.  kobalèkaké ---> pakoné ---> balèkna.
     2.  kojupukaké ---> pakoné ---> jupukna.
     3.  kogawakaké --> pakoné ---> 
          gawakna.
     4.  kotulisaké -----> pakoné ---> tulisna, 
          lsp.


                       --- wjg ---


-------> ana candhaké : 
           BAB : TÊMBUNG SANANTA VIII. 25. 





0 comments:

Post a Comment