Friday, December 6, 2019

IV. NO. 4. WÊWATON PANULISÉ TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA LATIN ( BAB : TÊMBUNG CAMBORAN )



Wêwaton Panulisé Têmbung Jawa Nganggo Aksara Latin 4 :


D. Panulising Têmbung Camboran :

--- 3. Têmbung Camboran lan Têmbung Rangkêp :

--- a ). Pérang-pérangané têmbung camboran, panulisé kagandhèng utawa sarana tandha panggandhèng ( - ), kêjaba têmbung iku kalêbu têmbung camboran tunggal.

Tuladha :

Camboran Wudhar  :

--- Saanak-bojoné
--- Pawong-mitra
--- Bapa-biyung
--- Méja-kursi
--- Ala-bêcik
--- Abot- ènthèng
--- Sanak-kadang
--- Gêdhé-cilik
--- Lanang-wadon
--- Dawa-cêndhak
--- Bongkot-pucuk
--- lsp.


Camboran Tunggal :

--- Jêruk-pêcêl
--- Randha-royal
--- Randha-balèn
--- Sêmar-mêndêm
--- Uler-kagèt
--- Têpa-slira
--- Têpa-palupi
--- Sato-kéwan
--- lsp.


Pêpèngêt :
Têmbung Camboran Tunggal kang wis dadi têmbung lingga andhahan, lan umum dianggêp kaya déné jênêng, panulisé kagandhèng.

--- Paramasastra
--- Suralaya
--- Rajaputra
--- Arcapada
--- Pramèswari
--- Pancasila
--- Bimaputra
--- Pandhuputra
--- Asthabrata
--- Dasadarma
--- Wédhatama
--- Wulangrèh.
--- lsp.



--- b ). Têmbung dwilingga lan dwilingga salin swara panulisé kudu nganggo tandha panggandhèng ( - ).

Tuladha :
--- Abang-abang.
--- Wit-witan.
--- Doh-dohé.
--- Maca-maca.
--- Mompar-mampir.
--- Grubyag-grubyug.
--- Mrana-mréné.
--- Lung-lungan.


--- c ). Têmbung kang rinangkêp ( pangrangkêpé wutuh utawa tugêlan ) prayoga katulis wutuh kanthi tandha panggandhèng ( - ), ora kêna cinêkak nganggo angka loro ( 2 ).

Tuladha :

--- Lawas-lawas ---> ora kêna katulis
    Lawas2.

--- Sadina-dinané ---> ora kêna katulis 
    Sadina2né.

--- Sagêlem-gelêm ---> ora kêna tinulis 
    Sagêlêm2.


                --- wjg ---


----->  ana candhaké V. No. 1 
          BAB : KAWRUH JAWA.

0 comments:

Post a Comment