Friday, November 22, 2019

III. No. 6. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA MADYANTARA )




Unggah-Ungguhing Basa 6 :

Basa Madyantara :

--- Basa Mandyantara iku têmbung-têmbungé kadadéan saka basa Madya Krama, kacampuran têmbung Krama Inggil kang tumuju marang wong kang diajak gunêm.

    Tumrap têmbung-têmbung :

Aku Kula
Kowé Sampéyan/Samang
Atêr-atêr dak Kula
Atêr-atêr ko Samang/Mang
Atêr-atêr di Panggah (ora owah)


Katrangan bab pênganggoné :

1. Kanggo caturan priyayi cilik marang 
    kakungé ( bojoné ).

--- Basa Madyantara wis arang-arang kanggoné, malah kêpara ora kanggo babar pisan.
Ing kéné mung kanggo sêsurupan ( supaya ngêrti baé ).


Tuladha gunêm:

       Mara gatèkna gunêmé Pak Karto karo Bu Karto ngisor iki :

--- Pak Karto :  Ibuné !

~~ Bu Karto :  Kula Pakné

--- Pak Karto :  Wêtonku wis tumbuk umur
    70 taun, slamêtané apa wis kok 
     pikiraké Ibuné ?

~~ Bu Karto :  Rak siyos bènjing tanggal
      11 Sapar ngajêng niki ta Pakné ?

--- Pak Karto :  Lha iya.

~~ Bu Karto :  Saniki rak nêmbé tanggal ping 1 ( sêtunggal ), dados taksih kirang 
sêdasa dintên malih ta Pakné !


                          --- wjg ---

---->  ana candhaké BASA KRAMATARA
         III. 7. 

0 comments:

Post a Comment