Friday, December 20, 2019
Home »
» VIII. No. 20 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : JINISING TÊMBUNG )
VIII. No. 20 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : JINISING TÊMBUNG )
Paramasastra Jawi 20 :
Jinising Têmbung :
--- Ana ing basa Jawa jinising têmbung iku ana sangang warna yaiku :
I. TÊMBUNG KRIYA ( Verba )
II. TÊMBUNG ARAN ( Nomina )
III. TÊMBUNG KAANAN ( Ejektiva )
IV. TÊMBUNG SÊSULIH ( Pronomina )
V . TÊMBUNG WILANGAN ( Numeralia )
VI. TÊMBUNG KATRANGAN ( Adverbia )
.VII. TÊMBUNG PANGUWUH ( Interjeksi )
VIII. TÊMBUNG PANYAMBUNG
( Konjungsi )
IX. TÊMBUNG SANDHANGAN ( Artikula )
X. TÊMBUNG PANGARÊP ( Preposisi ).
--- Katrangan :
I. TÊMBUNG KRIYA :
--- Têmbung Kriya yaiku : sarupaning têmbung kang nêrangaké sawijining pakaryan utawa pagawéan.
~~ Tuladha :
a. macul.
b. nulis.
c. nggorèng.
d. mlayu.
e. nêmbang
f. nyapu, lsp.
II. TÊMBUNG ARAN :
--- Têmbung Aran yaiku : sarupaning têmbung kang nêrangaké aran utawa jênêng.
~~ Tuladha :
a. buku.
b. gêlas.
c. jaran.
d. lintang.
e. kursi.
f. watu, lsp.
III. TÊMBUNG KAANAN ( Sipat ) :
--- Têmbung Kahanan yaiku : darupaning têmbung kang nêrangaké kahanan utawa sipaté.
~~ Tuladha :
a. abang.
b. kuru.
c. crèwèt.
d. wani.
e. crèwèt.
f. sênêng, lsp.
IV. TÊMBUNG SÊSULIH ( Ganti ) :
--- Têmbung sesulih yaiku : sarupaning têmbung kang mratélakaké ngganti aran.
~~ Tuladha :
a. iki.
b. kowé.
c. dhèwèké.
d. aku kabèh.
e. ku
f. mu
g. ibu, lsp.
V. TÊMBUNG WILANGAN :
--- Têmbung Wilangan yaiku : sarupaning têmbung kang mratélakaké cacah utawa jumlah.
~~ Tuladha :
a. siji.
b. akèh.
c. kabèh.
d. kapat.
e. sêthithik.
f. sêtêngah, lsp.
VI. TÊMBUNG KATRANGAN :
--- Têmbung Katrangan yaiku : sarupaning têmbung kang dadi katrangan utawa kang nêrangaké.
~~ Tuladha :
a. sésuk.
b. wingi.
c. kira-kira.
d. prayoga
é. dumadakan.
f. ngisor
g. kéné, lsp.
VII. TÊMBUNG PANGUWUH :
--- Têmbung Panguwuh/Panyêru yaiku : sarupaning têmbung kang mujudaké panglairing rasa.
~~ Tuladha :
a. wah.
b. adhuh.
c. lho.
d. lah.
e. ah.
f. tulung, lsp.
VIII. TÊMBUNG PANYAMBUNG :
--- Têmbung Panggandhèng yaiku : sarupaning Têmbung kang dadi gêgandhèngané têmbung karo têmbung.
~~ Tuladha :
a. karo
b. sarta.
c. lan
d. supaya, lsp.
IX. TÊMBUNG SANDHANGAN :
--- Têmbung Sandhangan yaiku : sarupaning têmbung kang sandhangané jèjèr ;
~~ Tuladha :
a. Sang
b. Sri
c. Radèn
d. Mas
e. Dhik, lsp.
X. TÊMBUNG PANGARÊP :
--- Têmbung pangarêp yaiku sarupaning têmbung kang dumunung dadi pangarêping pituduh ing ukara.
~~ Tuladha :
a. sing.
b. dèn.
c. mung.
d. ing.
e. di.
f. saka.
g. mênyang.
h. kang.
i. yèn.
j . dak, lsp.
--- wjg -
-------> Ana Candhaké BAB : TÊMBUNG
KRIYA VIII. 21

0 comments:
Post a Comment