Friday, November 22, 2019

III. No. 4. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA MADYA NGOKO )

Ilustrasi, Foto Dening Edi Wibowo (Wikipedia Commons)


Unggah-Ungguhing Basa 4 :

Basa Madya Ngoko :

--- Basa Madya Ngoko iku titikané :

1. Têmbung-têmbungé madya kacampuran
     têmbung ngoko.


2. Têmbung-têmbung : 

Aku kula
Kowé dika (ndika)
Atêr-atêr dak kula
Atêr-atêr ko dika (ndika)
Atêr-atêr di panggah (ora owah)


Basa Madya Ngoko iku têgêsé : basa têngah-têngah; urmaté utawa taklimé dumunung ana ing antarané "ngoko" lan "krama". 


Katrangan Pênganggoné :

1. Bakul gunêman karo padha-padha
    bakul.

2. Wong désa utawa pangunungan jaman
     kuna.



Tuladha gunêm :

1. Dika wayah ngatên kok êmpun lunga
    têng pasar ?

2. Pundi ta woh-wohané sing bêcik-bêcik
    nika ?

3. La niku, napa kirang bêcik ?

4. Dadi yèn ajêng tuku sêlawé niku, botên
    kêna milih ?

5. La niki sêjinahé rêgané pintên ?


                      --- wjg ---


----> ana candhaké  BASA MADYA KRAMA
       III. 5. BASA

0 comments:

Post a Comment