Sunday, December 29, 2019

IX. No. 21. A.20 TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURÉ PAMBIWARA SASAMPUNIPUN WAOSAN DONGA )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan   Pawiwahan 21 :


Aturé Pambiwara Paripurnaning Waosan Donga Panutup :

            Para pilênggah ingkang minulyèng budi, sênadyan wus paripurna waosan donga déning têtuwanggana ingkang piniji, kapirêng suwantên lamat-lamat dumêling akasa, sumusup hima himantaka, saya ndêdêl ngawiyat, satêmah mawèh prabawa hanêlahi.

        Punika pratandhani katarima pamintané mring Gusti, mbabar wahyu kanugrahan suci  tumanduk panjênênganipun ingkang hamêngku gati, ingkang katêmbèn hamiwaha putra mahargya siwi, mugi têtêpa winêngku ing suka basuki, salami-lami, sarta cinakêtan rêjêki, lumintu dhumatêng para sagung para rawuh, numusi dhumatêng panjênêngan lan kula, ingkang hanjênêngi pahargyan ing siyang/ratri puniki.



                       --- wjg ---


---> ana candhaké : 
       BAB :TULADHA PANATACARA BADHÉ         PARIPURNANING GATI  IX. 22. A. 21.

0 comments:

Post a Comment