Thursday, December 26, 2019

IX. No.3. A. 2 TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ MIYOSIPUN PANGANTÈN PUTRI )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan   Pawiwahan 3 :


Aturé Pambiwara Badhé Miyos Pangantèn Putri :

      Wahyaning mangsakala apan wus dungkap titi laksitaning adicara.

    Rèhning putra pangantèn putri anggènipun hanglulur sarira, hangêlus wadana miwah hangadi busana sampun paripurna, sumangga kita tumapak ing adicara minangka purwaning pahargyan, nun inggih sowanipun pangantèn putri, mijil saking têpas wangi, manjing ing madyaning sasana rinêngga.

      Wondéné ingkang hanganthi sowanipun sri atmaja pangantèn putri nun inggih panjênênganipun Ibu ....
( Juru paès ).

       Hambok bilih sampun samêkta 
ing gati murih rahayuning sêdya kasumanggakakên dhumatêng para ingkang piniji.

       Miyosipun putra pangantèn putri kabiwadha ungêling Kêtawang Sêkartéja laras Slédro pathêt Manyura.

       Sumangga, nuwun.

  ( Lajêng kacandra, mirsanana Tuldha
          Panyandra no. 24.  ).


Pêpèngêt :
    Mênawi botèn mawi iringan gangsa langsung, sagêd mawi sanèsipun ingkang cundhuk kaliyan swasana kadosta :
1. CD ingkang isi rêkaman gêndhing Jawi.
2. Flashdisk ingkang isi rêkaman gêndhing
   Jawi.

    
                    --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB :  ATURIPUN PANATACARA
       BADHÉ BIDHALIPUN RISANG DUTA   
       PAMETHUK IX. 4. A. 3.

0 comments:

Post a Comment