Tuesday, December 31, 2019

IX. No. 31. C. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PASRAH SRAH-SRAHAN LAMARAN ).

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
 Pawiwahan 31 :


Tuladha Atur Pasrah Srah-srahan 
( sarahan ) :


     Assalamu'akum Wr.Wb.

     Sanggya para rawuh utaminipun panjênênganipun para parampara, para nimpuna, para tuwanggana, para sêsêpuh, para pinisêpuh, para pêpundhèn ingkang tansah kinabêktèn, para kadang wrêdha ingkang tansah sinubaya-subya, para kadang taruna ingkang sangêt kinasih dahat sinudarsana, dalasan para rawuh  kakung-putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

       Kêparênga kawula cumanthaka, kanthi pêpayung budi rahayu saha ngunjukakên raos suka-syukur wontên ngarsa Gusti Ingkang Murbèng Dumadi  " Mugi Rahayua Sagung Dumadi  tansah kajiwa lan kasarira dhumatêng panjênêngan sadaya hanglubèrana dhumatêng jasad kawula ", Aamiin ! " 

        Amit pasang aliman tabé/tabik, mugi tinêbihna ing iladuni myang tulak sarik, déné kawula cumanthaka marak mangarsa hanggêmpil kamardikan panjênêngan ingkang katêmbèn wawan pangandikan, inggih awratipun .hamêstuti jêjibahan luhur, kawula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjênênganipun Bapa .... ( ingkang mêngku gati nglamar ) sêkaliyan.

         Panjênênganipun Bapa .... ( ingkang mêngku gati nampi lamaran ) sêkaliyan garwa, ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan. Kawula minangka sulih sarira, panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati nglamar ) ingkang sêpisan  ngaturakên salam taklim mugi katur wontên ngarsa panjênêngan, sumrambah para kulawarga samudayanipun.

           Jangkêp kaping kalih, ing nguni sampun wontên pirêmbagan antawisipun Bapa/Ibu ...( ingkang nglamar ), anggènipun kagungan putra kakung kêkasih pun Bagus .... ( calon pangantèn kakung ), kaliyan panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang kalamar ), kagungan putra kênya siwi pun Rara ...( calon pangantèn putri ).

         Gumolonging pirêmbagan sarta pamanggih, nêdya hangrakêtakên balung pisah daging arênggang, bêbasan ngêbun-êbun énjang anjêjawah sontên, ndhodhok latar ndhodhog kori sumêdya nginang jambé suruhé.

        Kanthi atur makatên karana sampun jumbuh anggènipun pêpétangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agênging manah panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang nglamar ), anggènipun katampi panglamaripun, ing kalênggahan punika panjênênganipun ngaturakên " sarana miwah upakarti pinangka jangkêping tata-cara salaki-rabi ( jêjodhoan ) ".

       Wondéné ingkang badhé kaaturakên inggih punika :  Sanggan saha majêmuk ingkang sampun wontên wujudipun, kanthi pangajaping sêdya dadosa sarana sahipun sêsanggêman miwah rakêting kêkadangan, saéngga botèn sagèd pisah salami-laminipun.

       Kasoking katrêsnan Bapa/Ibu ...( ingkang nglamar ) dhumatêng Bapa/Ibu ... ( ingkang dilamar ) ing mriki badhé ngaturakên malih " agêman ingkang awujud ....... ( kalung, sêngkang, lsp ) " ing pangajap minangka agêmanipun badhé calon pangantèn putri.

        Botèn kêkilapan Bapa/Ibu .... ( ingkang nglamar ) ugi ngaturakên " rêdana wujudipun arta ", mugi kènginga kagêm mbiyantu anggènipun badhé nêtêpi darmaning asêpuh hamiwaha putra mahargya siwi.

         Minangka pungkasaning atur, mbok bilih Bapa/Ibu .....( ingkang nglamar ) anggènipun ngaturakên sarana dalah upakarti wontên kêkiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.

          Botèn kêsupèn kawula minangka talanging basa sulih sarira panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang nglamar ) mênawi wonten gonyak-ganyuking wicara, miwah kiranging suba-sita ingkang singlar saking rèh tata-krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksama.

       Nuwun...nuwun...matur nuwun.

Wassalaamu'alaikum Wr.Wb.




                        --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB : TULADHA PANAMPI
        SRAH-SRAHAN LAMARAN 
        IX. 32. C.2.
      
           

0 comments:

Post a Comment