Thursday, December 26, 2019

IX. No. 7. A. 6. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ HANAMPI PASRAH PANGANTÈN KAKUNG )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
  Pawiwahan 7 :


Aturé Pambiwara Badhé Nampi Pasrah Pangantèn Kakung :

         Satuhu tatas-titis, wijang-gamblang  cêtha-têrwaca, tumata datan tumpang-suh, atur pangandikanipun risang cundhaka hamasrahakên putra pangantèn kakung.

         Salajêngipun Bapa .....( ingkang nampi ) minangka talanging basa Bapa/Ibu ...( ingkang hamêngku gati ), kaparêng badhé hanampi sang pindha Naréndra.

         Ing wasana, sasana saha swasana kawula sumanggakakên.

Sumangga, nuwun.



                       --- wjg ---

----> ana candhaké : 
       BAB : ATURIPUN PANATACARA
       BADHÉ UPACARA PANGGIH IX. 8. A. 7.

0 comments:

Post a Comment