Sunday, December 15, 2019

VIII. No. 8. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG BAWA )

 Paramasastra Jawi 8 :


Rimbag Bawa :

--- Rimbag Bawa cacahé ana ênêm warna, yaiku :

   I.  BAWA KUMA.
  II.  BAWA KAMI.
 III.  BAWA KAPI
 IV.  BAWA KA.
  V.  BAWA MA
 VI.  BAWA HA.


   I.  BAWA " KUMA " :

--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " kuma " :

~~ Tuladha :
1. kuma + wani  = kumawani ---> wani 
    bangêt.
2. kuma + ratu   = kumratu ------> anggêpé 
    kaya ratu
3. kuma + lungkung = kumalungkung ---> 
    anggêpé kaya iya-iyaa.


 II. BAWA " KAMI " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh 
     wuwuhan atêr-atêr " kami " :

~~ Tuladha :
      1. kami + gila + an = kamigilan ---> gila 
          bangêt
      2. kami + sêsêg + ên = kamisêsêgên 
          ---> sêsêg banget
      3. kami + tuwa = kamituwa ---> 
          dianggêp tuwa.


III.  BAWA " KAPI " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " kapi " :

~~ Tuladha :
       1. kapi + adrêng = kapiadrêng ---> 
           adrêng bangêt
       2. kapi + laré  = kapilaré ---> sipaté 
           kaya laré ( bocah )
       3. kapi + loyo  = kapiloyo ---> sajak 
           loyo banget.


 IV.  BAWA " KA " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " kê " :

~~ Tuladha :
      1. kê + obong = kêobong = kobong.
      2. kê + ulu       = kêulu      = kolu.
      3. kê + ili          = kêili        = kèli.
      4. kê + atut      = kêatut    = katut.


   V.  BAWA " MA " :

--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan sêsêlan " um " ( √um ).  Déné pangêtrapé ana ing saburining aksara purwaning têmbung.

~~ Tuladha :
      1. kênthus + √ um  = kumênthus.
      2. kaki + √ um         = kumaki.
      3. gandhul + √ um  = gumandhul.
      4. gêdhé + √ um      = gumêdhé.
      5. gantung + √ um  = gumantung.

 
Pêpèngêt : 

Têmbung lingga kang oléh wuwuhan sêsêlan " ing " ora ajêg panggah wujudé, kadhang-kala owah aksara purwaning wanda.

~~ Tuladha :

a ).  Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " p ", aksara " p " mau dadi ilang.

Kayata : 
             1. pati + √ um      = mati.
             2. putung + √ um = mutung.

--- Ing ngisor iki têmbung-têmbung kang aksarané " p " owah dadi aksara " k ".

    1. panggang + √ um  =  kumanggang
    2. pintêr + √ um         =  kumintêr
    3. parut + √ um          =  kumarut
    4. plinthi + √ um        =  kumlinthi

 b ).  Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " w ", aksarané " w " owah dadi aksara " k ".

Kayata :
             1. wasis + √ um    =  kumasis.
             2. waras + √ um    =  kumaras.
             3. warêg + √ um    =  kumarêg.


 c ).  Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " b ", aksarané " b " owah dadi aksara " g ".

Kayata :
             1. bobor + √ um      =  gumobor.
             2. bagus + √ um     =  gumagus.
             3. bantêr + √ um    =  gumantêr.


 d ).  Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " u " aksarané " u " dadi ilang.

Kayata :
             1. ulur + √ um      =  mulur.
             2. udhun + √ um  =  mudhun.
             3. ulung + √ um   =  mulung.


TÊGÊSÉ RIMBAG BAWA MA :

A. Kang ngêmu têgês pênganggêp 
    ( rumangsa ).

Kayata : 

 1. Kumintêr = anggêpé kaya pintêr-
      pintêra.
 2. Sumugih = anggêpé kaya sugih-sugiha.
 3. Gumagus = anggêpé kaya bagus-
      bagusa.
 4. Kumayu     = anggêpé kaya uayu-ayua.
 5. Gumêdhé = anggêpé kaya gêdhé-
      gêdhéa.


B. Kang ngêmu têgês nêdhêng-nêdhêngé ( lagi wayahé ).

Kayata :

1. Kumêruk = lagi nêdhêng-nêdhêngé 
    dikêruk.
2. Kumanggang = lagi nêdhêng-nêdhêngé 
    dipanggang.
3. Rumujak = lagi nêdhêng-nêdhêngé 
    dirujak.


C. Kang ngêmu têgês nindakaké
    ( nglakoni ) linggané.

1. Lumaku       = nindakaké laku
2. Jumangkah = nindakaké jangkah
3. Tumandang = nindakaké tandang
4. Gumandhul = nindakaké gandhul
    ( nggandhul ).
5. Tumoléh     = nindakaké tolih ( noléh ).


D. Kang ngêmu têgês kêna ing.

1. Tumanduk.   = kêtaman tanduké...
2. Tumiba.        = kêtaman tibané...
3. Sumrambah = kêtaman srambahé...
4. Tumuwuh.    = kêtaman tuwuhé...


E. Kang ngêmu têgês kandunungan.

1. Gumludhug = kandunungan swara
     gludhug-gludhug.
2. Gumilap.   = kandunungan sorot gilap
3. Kumêcêr.  = kandunungan rasa kêcêr
4. Sumêlèt.  = kandunungan rasa sêlèt
5. Jumêgur. = kadunungan swara jêgur.
    


     Rimbag Bawa " ma " kagunakaké
     amarga rinasa luwih ngajèni.

Tuladha :

1. Sumangga tindak  " rumiyin ". Luwih aji
     katimbang :
     ---> Sumangga tindak " riyin " utawa 
    " kriyin ".

2. Bapak " dumugi " dalêm jam pintên ?
    Luwih aji katimbang :
     ---> Bapak " dugi " dalêm jam pintên ?

3. " Dhumatêng " panjênênganipun 
      Bapa Camat. Luwih aji katimbang :
      --->  " Dhatêng " panjênênganipun Bapa
     Camat.




  VI.  BAWA " HA " :

--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " ha " ( a ), lan têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " ma ".

~~ Tuladha :

Atêr-atêr " ha " :

1. Gêdhé-adhuwur ----> gêdhé tur dhuwur.

2. Gandhês-aluwês ---> gandhês lan luwês.

3. Abandha-abandhu --> duwé bandha lan
    bandhu.



Atêr-atêr " ma " :

1. Maguru ---> golèk guru, nganggo

2. Madhukun ---> golèk dhukun, nganggo

3. Matumpa-tumpa ---> kêrêp

4. Maèwu-èwu ---> akèh bangêt

5. Mangilèn ---> ngênêr, nuju, mara

6. Mangidul ---> ngênêr, nuju, mara.


   
                     --- wjg ---


-------> ana candhaké :
           BAB : RIMBAG TANDUK  VIII. 9



0 comments:

Post a Comment