Sunday, December 15, 2019

VIII. No. 5. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG ANDHAHAN )

Paramasastra Jawi 5 :


I. Têmbung Andhahan :
   
--- Kang diarani Têmbung Andhahan yaiku : Têmbung kang wis owah saka linggané, amarga wis sarana diwuwuhi/diimbuhi têmbung liyané.

Wondéné wujudé wuwuhan utawa imbuhan iku ana têlung golongan yaiku :

I. Wuwuhan/imbuhan ing ngarêp, diarani
    " atêr-atêr "

II. Wuwuhan/imbuhan ing têngah, diarani
    " sêsêlan " .

III. Wuwuhan/imbuhan ing buri, diarani 
     " panambang " .


I. WUJUDÉ ATÊR-ATÊR :

1. Atêr-atêr " Hanuswara "  cacahé ana   
    papat yaiku :

    an ; any ; am ; ang 
    ( ꦲꦤ꧀ ; ꦲꦚ꧀ ; ꦲꦩ꧀ ; ꦲꦁ / han ; hany ; ham ; hang/ n ; ny ; m ; ng ).


2. Atêr-atêr " Tripurusa ", cacahé ana têlu        yaiku :

    dak ; ko ; di  ( utama purusa ; madyama        purusa ; pratama purusa ).


3. Atêr-atêr liyané kayata :

   sa ; pa ; pi ; pra ; tar ; ka ;  ; pan ; pany ;     pam ; pang ; para ; pari.



II. WUJUDÉ SÊSÊLAN :
--- Sêsêlan cacahé mung ana papat yaiku :

    um ; ing ; êl ; êr.



III. WUJUDÉ PANAMBANG :
--- Panambang iku cacahé ana rolas yaiku :

    ku ; mu ; é; aké ; a ; ; an ; ên ; ; ané ;      ana ; na.



~ PÊPÈNGÊT :
--- Ngowahi têmbung lingga dadi têmbung      andhahan iku diarani " ngandhahaké
    têmbung utawa ngrimbag.

--- Ngrimbag = nggawé têmbung andhahan
    saka têmbung lingga.


Tuladha ngisor iki gatèkna :

No
Têmbung Lingga
Wuwuhan
Têmbung Andahan
Atêr-atêr
Sêsê
lan
Panam
bang
1 pacul
am
     -
      i
maculi
2 pakan
am
     -
      i
makani
3 tangis
an
     -
      i
nangisi
4 sapu
any
     -
     aké
nyapokaké
5 gawé
ang
     -
     aké
nggawèkaké
6 tampa
    -
   in
      -
tinampa
7 gawé
    -
   in
      -
ginawé
8 guyu
    -
   um
     -
gumuyu
9 gundhul
   -
   um
     -
gumandhul
10 kèwèr
   -
    èr
     -
kêleèwèr
11 kêlip
   -
    êr
    -
kêrêlip
12 tulis
dak
    -
       é
daktulisé
13 waca
ko
    -
       i
kowacani
14 tali
di
    -
      -
ditalèni
15 pênthung
am
    -
     -
mênthungi
16 cukur
any
    -
     aké
nyukuraké
17 tamba
an
    -
      i
nambani
18 kêndhang
ang
    -
      i
ngêndhangi
19 kukus
  -
    -
     an
kukusan
20 takon
an
    -
      i
nakoni


    
                 --- wjg ---


------> ana candhaké :
         BAB : ARANÉ RIMBAG ING
         TEMBUNG ANDHAHAN  VIII. 6. 

0 comments:

Post a Comment