Sunday, December 15, 2019

VIII. No. 1. PARAMASASTRA JAWI ( WÊRDINÉ TÊMBUNG PARAMASASTRA )

 Paramasastra Jawi 1 :


 Wêrdiné Têmbung Paramasastra :


--- Paramasastra iku asalé saka têmbung :  " parama + susastra " , kang nduwèni têgês :

Parama  =  paling unggul, paling apik.
Sastra    =  tulis.

--- Paramasastra  =  paugêran panulisan basa kang bêcik murih rinasa sarta kaprungu luwih apik.

--- Déné kang kamot ing ngèlmu paramasatra antarané yaiku :

1. Bab Wujuding Têmbung.

2. Bab Wujuding Rimbag.

3. Bab Jinising Têmbung.

4. Bab Dhapukaning Ukara.

5. Bab Ngudhal Ukara.

--- Limang bab iku mau kang bakal kajlèntrèhaké ana ing tulisan iki kanthi gamblang, utawa cêtha.


                   --- wjg ---

---> ana candhaké 
      BAB : WUJUDING TÊMBUNG 
      VIII. 2.

0 comments:

Post a Comment