Saturday, December 21, 2019

VIII. No. 36 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA PAKON )

 Paramasastra Jawi 36 :


Ukara Pakon :

     Ukara pakon yaiku wêdharing gagasan tumuju marang wong kang diajak gunêm
utawa wong kapindho supaya nglakoni utawa nindakaké pêgawéan.

     Ukara pakon bisa kapérang dadi rong
warna yaiku :


   I. UKARA PAKON TANDUK.
  II. UKARA PAKON TANGGAP.


--- Katrangané :

 I. UKARA PAKON TANDUK :
    Yaiku ukara kang migatèkaké tumindaké
 ( wasésané ).
     Dadi ing ukara pakon tanduk pérangan wasésané migunakaké têmbung Pakon Tanduk.


~~ Tuladha :

1. Sardi mangana dhisik yèn arêp budhal.

2. Surti milihana sing matêng-matêng baé.

3. Siti nyapokna latar buri kaé.

4. Boca-bocah sésuk nggawaa sapu sada.

5. Sarman maculana kêbon sisih wétan 
     kaé.

6. Sarmin mbalèkna barang-barang silihan
     iki ya !



II. UKARA PAKON TANGGAP :

   .Ukara pakon tanggap yaiku ukara kang migatèkaké lésané utawa barangé kang kudu katandangan.

      Déné ing ukara pakon tanggap péranganing wasésa nganggo têmbung Pakon Tanggap.

~~ Tuladha :
1.1. Sapunên kêrtas sing pating slêbar
        kuwi Sri !
1.2. Kêrtas sing pating slêbar kuwi, bokya
       di saponi.

2.1. Saponana jogan ngarêp kaé Sur !
2.2. Sur, jogan ngarêp kaé di sapu !

3.1. Sur, jupukna buku ing dhuwur méja
        ya !
3.2. Sur, buku dhuwur méja di jupuk ya !

4.1. Jupukên kapur sing tiba kuwi !
4.2. Kapur sing tiba kuwi di jupuk !

5.1. Tulisna angka 68 kuwi, nganggo
        angka Jawa !
5.2. Angka 68 kuwi, di tulis nganggo
       angka Jawa.

   ( Utawa Jênêngé kasêbut luwih dhisik ).


                        --- wjg ---


   ------> ana candhaké : 
            BAB : UKARA PITAKON VIII. 37.

0 comments:

Post a Comment