Thursday, December 26, 2019

IX. No. 4. A. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ BIDHALIPUN DUTA PAMÊTHUK )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
 Pawiwahan 4 :


Aturé Pambiwara Bidhalipun Duta Pamêthuk :

    Sanggya para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu luhur ing budi, kawistara sri atmaja pangantèn putri sampun lênggah anggana raras, wêrdinipun lênggah piyambakan  sapêrlu anyênyadhong tumuruning wahyu sajodho.

     Tanggaping sasmita risang duta pamêthuk nun inggih panjênênganipun Bapa .....saha Bapa ...., ingkang piniji angayahi jêjibahan luhur, kêparêng badhé mêdal pasilan tumujwèng palêrêmanipun putra pangantèn kakung.

       Humiyating risang duta Pamêthuk  binarung ungêling gêndhing Ladrang Pangkur laras Pélog pathêt 6.

Sumangga.

Katrangan :
 ( kacandra mirsanana TULADHA PANYANDRA IX. 25. B. 2 )



                   --- wjg ---


------> ana candhaké : 
         BAB : ATURÉ PANATACARA
         BADHÉ RAWUHIPUN PANGANTÈN
      .  KAKUNG  IX. 5. A. 4.

0 comments:

Post a Comment