Sunday, December 15, 2019

VIII. No. 2. PARAMASASTRA JAWI ( BAB: WUJUDÉ TÊMBUNG )

Paramasastra Jawi 2 :


Wujuding Têmbung :


     Têmbung yaiku unèn-unèn utawa dhapukaning aksara-aksara kang nduwéni têgês.


~~ Tuladha :

--- a ; m ; è ; t ; ê ; l ; s ; é ; ---> iki jênênging      aksara.

    Mênawa aksara : a ; m ; t ; ê ; l ; s, katulis kaya kasêbut ngisor iki :
--- " mtaslê "  ---> iki wujuding dhapukan aksara ing ndhuwur mau ---> nanging iki dudu têmbung, amarga ora nduwèni têgês.

   Mênawa anggoné ndapuk kasêbut kaya ngisor iki :

--- slamêt ---> iki wujuding dhapukan aksara ing ndhuwur mau ---> iki diarani têmbung, amarga dhapukan aksara
" slamêt " iku nduwèni têgês, yaiku ora kêna ing pakéwuh apa baé.

--- Têmbung iku manut wujudé utawa dhapuré kêna kapérang dadi rong golongan yaiku :

1. TÊMBUNG LINGGA
2. TÊMBUNG LINGGA KANG OWAH SAKA
     LINGGANÉ.



                    --- wjg ---

----> ana candhaké  
        BAB :TÊMBUNG LINGGA 
        VIII. 3.

0 comments:

Post a Comment