Sunday, December 29, 2019

IX. No. 17. A. 16. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ KIRAB KASATRIYAN )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan   Pawiwahan 17 :


Aturé Pambiwara Badhé Kirab Kasatriyan :

        Para rawuh ingkang winantu sagunging pakurmatan  kados putra pangantèn sarimbit anggènnya ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna, kêparêngipun sêdya badhé humarak sowan malih ngabyantara para tamu, sapêrlu hanyênyadhong astungkara mrih widadaning bêbrayan.

         Kirabing putra pangantèn sarimbit ingkang wus ngrasuk busana kasatriyan kabiwada ungêling Kêtawang Subakastawa Sléndro 9/ Kêtawang Subakastawa Winangun Pl. 6

Sumangga, nuwun.


     (    kacandra, mirsanana tuladha
          panyandra IX. 30. B. 7   ).



                    --- wjg ---


----> ana candhaké : 
        BAB : TULADHA ATURIPUN PANATA
        CARA SASAMPUNIPUN KIRAB
        KASATRIYAN.

0 comments:

Post a Comment