Saturday, November 23, 2019

III. No. 8. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA MUDHA KRAMA )



Unggah-Ungguhing Basa 8 :


Basa Mudha Krama ( Krama Alus ) :

--- Basa Mudha Krama iku kawêntaring ucap padha karo KRAMA ALUS, yaiku sarupaning basa kang paling luwês dhéwé.
Ora ana alane kanggo gunêm marang sadhéngah wong, mula diarani Krama Alus.

Sapa baé bisa nganggo.

Upamané :

1. Wong ênom marang wong tuwa.
2. Murid marang Guruné.
3. Kanca marang kanca kang durung pati
    kulina srawungané.

--- Basa Mudha Krama iku wujudé : têmbungé krama kabèh kacampuran krama inggil tumrap wong kang diajak gunêm.


--- Titikané Basa Mudha Krama :

1 Aku Kula
2 Kowé panjênêngan
3 Atêr-atêr dak kula
4 Atêr-atêr ko panjênêngan
5 Atêr-atêr di dipun
6 Panambang ku kula
7 Panamabang mu panjênêngan
8 Panambang é ipun
9 Panambang aké akên


--- Tuladha Gunêm Basa Mudha Krama :

1. Bapak, punika wontên tamu saking
    Ngayogyakarta.

2. Pak Guru tindak rapat nitih mobil, 
    punapa nitih Hondha ?

3. Sumangga mênawi badhé ngagêm
    gadhahan kula.

4. Lo Mas, punapa panjênêngan dèrèng
    midhangêt kabar, mênawi Mbah Sura
    sampun séda kala nêmbé ?

5. Kula badhé ngaturakên kagunganipun
    agêman jas ingkang nêmbé kula ampil        kala wingi.



                       --- wjg ---

---->  ana candhaké  BASA WRÊDHA
        KRAMA III. 8

0 comments:

Post a Comment