Unggah-Ungguhing Basa 10 :
Basa Krama Inggil :
--- Basa Krama Inggil iku, têmbung-têmbungé krama kabèh kacampuran Krama Inggil tumrap marang wong kang diajak gunêman.
--- Titikané têmbung-têmbung :
| 1 | Aku | kawula, abdi dalêm kawula, dalêm |
| 2 | Kowé | panjênêngan dalêm, nandalêm, sampéyan dalêm (kanggo marang Ratu). |
| 3 | Atêr-atêr dak | kawula, adalêm |
| 4 | Atêr-atêr ko | panjênêngan dalêm |
| 5 | Atêr-atêr di | dipun |
| 6 | Panambang ku | kawula, abdi dalêm kawula, adalêm |
| 7 | Panambang mu | dalêm |
| 8 | Panambang é | ipun |
| 9 | Panambang aké | akên |
--- Katrangan panganggoné :
1. Gunêmé priyayi cilik marang priyayi
gêdhé.
2. Gunêmé priyayi ênom marang priyayi
sêpuh (tuwa).
3. Umumé kanggo gunêm kulawarga
Kraton.
--- Tuladha gunêm :
1. Nyuwun duka Gusti, kala wingi abdi
dalêm botên sagêd sowan ndhèrèkakên
tindak dalêm, awit anak adalêm sawêg
sakit.
2. Mênawi bénjang-êmbèn inggih sêndika,
adalêm ndhèrèk dhawuh dalêm.
--- Ing masyarakat wêktu saiki basa iki wis arang kêprungu.
Kang umumé dianggo gunêm yaiku Basa Mudha Krama utawa Basa Krama Alus.
--- wjg ---
-----> ana candhaké : BASA KRAMA DÉSA
III. 11.
Maturnuwun. Saé sanget..
ReplyDelete