Friday, November 29, 2019

III. No. 19. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : KRAMA INGGIL PÉRANGANÉ AWAK )




Unggah-Ungguhing Basa  19 :


Krama Inggil Péranganing Awak :

--- Lamun anuju gunêm kang nganggo têmbung-têmbung aran péranganing awak, supaya luwih ngajèni ( taklim ) prayoga migunakaké têmbung-têmbung kang apik ing rasa, éndah ing pangrungon, minangka tandha angrêgani, angurmati tumrap kang digunêm.

--- Ing ngisor iki têmbung-têmbung krama inggil tumrap péranganing awak sarta têmbung kang ana sêsambungané karo kahanan awak, kaurut saka pérangan ndhuwur dhéwé nganti tumêka ngisor.

--- Têmbung-têmbungé yaiku :

  1Rambutkrama inggilérikma
  2Unyêng-unyêngkrama inggilépanêngêran
  3Sirahkrama inggilémustaka
  4Êmbun-êmbunkrama inggilépasundhulan.
  5Bathukkrama inggilépalarapan
  6Aliskrama inggiléimba
  7Idêpkrama inggiléibing
  8Mripatkrama inggilésoca
  9Êluhkrama inggiléwaspa
10Kêdhèpkrama inggilékêjêp
11Tlapukankrama inggilépakêjêpan
12Irungkrama inggilégrana
13Umbêlkrama inggilégadhing
14Pipikrama inggilépangarasan
15Ngambungkrama inggiléngaras
16Raikrama inggiléwadana, pasuryan
17Raupkrama inggilésuryan
18Lambékrama inggilélathi
19Angopkrama inggilégraita
20Untukrama inggiléwaos, waja
21Gusikrama inggiléwikisan
22Ompongkrama inggilégutuk, dhaut
23Cangkêmkrama inggilétutuk/wadana
24Ilatkrama inggilélidhah
25Mamahkrama inggilégilut
26Brêngoskrama inggilégumbala (Solo)
26Brêngoskrama inggilérawis (Jogja)
27Janggutkrama inggilékêthêkan/ sêdhêgan
28Jènggotkrama inggilégumbala
29Watukkrama inggilécêkoh
30Idukrama inggilékêcoh
31Riyakkrama inggiléjlagra
32Kêmukrama inggilégurah
33Muntahkrama inggiléluntak
34Wahingkrama inggilésigra
35Sisikrama inggilésêmprit
36Kupingkrama inggilétalingan
37Suwêngkrama inggilésêngkang
38Githokkrama inggilégriwa/julukan
39Gulukrama inggiléjangga
40Gêlungkrama inggiléukêl
41Nangiskrama inggilémuwun
42Kalungkrama inggilésangsangan
43Pundhakkrama inggilépamidhangan
44Awakkrama inggilésalira
45Dhadhakrama inggiléjaja
46Gêgêrkrama inggilépungkuran
47Igakrama inggiléunusan
48Susukrama inggilépayudara/ prêmbayun
49Wêtêngkrama inggilépadharan
50Mêtêngkrama inggilémbobot/ nggarbini
51Ususkrama inggiléjaringan
52Wudêlkrama inggilépusêr/tuntunan
53Bangkékankrama inggilépamêkak
54Tangankrama inggiléasta
55Drijikrama inggiléracikan
56Epèk-epèkkrama inggilétapak asta
57Tandha tangankrama inggilétapak asta
58Kukukrama inggilékênaka
59Sikutkrama inggilésiku
60Ali-alikrama inggilékalpika
61Gêlangkrama inggilébinggêl
62Kringêtkrama inggilériwé
63Bokongkrama inggilébocong
64Kêmbênkrama inggilékasêmêkan
65Pawadonankrama inggilébadhong
66Klêntitkrama inggiléprana
67Palanangankrama inggilékalam
68Supitkrama inggilétètès
69Nguyuhkrama inggiléturas
70Bêbuwangkrama inggilébobotan
71Cébokkrama inggilécawik
72Ngêntutkrama inggilésarib
73Sikilkrama inggilésampar/ sampéyan
74Pupukrama inggiléwêntis
75Dhêngkulkrama inggiléjêngku
76Kémpolkrama inggiléwêngkêlan
77Wudunkrama inggiléuntar
78Wudakrama inggilélukar
79Tungkakkrama inggilébubutan
80Têkênkrama inggilélantaran




                        --- wjg ---


----> ana bacuté WÊWATON PANULISING
       TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA
       LATIN IV. No. 1


0 comments:

Post a Comment