Tuesday, December 31, 2019

IX. No. 32. C. 2. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANAMPI SRAH-SRAHAN )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
 Pawiwahan 32 :


 Atur Panampi Srah-srahan :


      Assalaamu'alaikum Wr.Wb.

      Wontên ngarsa panjênênganipun Bapa ...( ingkang pasrah ) ingkang piniji ngêmbani wuwus, minangka duta saraya sulih sarira saking panjênênganipun Bapa ....( ingkang nglamar ) ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.

       Akanthi linambaran trapsila ing budi miwah hangaturakên sèwu agunging pangaksama, inggih awit mradapa kaparêngipun Bapa/Ibu ....( ingkang nampi lamaran )., kula piniji minangka talanging basa, kinèn hanampi mênggah wosing gati lêkasing sêdya ingkang luhur  saking panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang nglamar ) lumantar panjênênganipun Bapa .... ( ingkang pasrah ).

          Minangka purwaning atur, kawula ngaturakên sugêng rawuh saha angaturakên agunging panuwun ingkang tanpa upami, déné tindakipun panjênêngan sampun kasêmbadan ing karya, kanthi widada nirbaya nirwikara tan manggih pringgabayaning marga.

          Sangêt katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjênênganipun badhé calon kadang bésan lumantar panjênênganipun duta saraya, salajêngipun namung dhumawah sami-sami.

           Wondéné atur pasrah paringipun srah-srahan minangka jangkêping jêjodhoan kula tampi kanthi suka-rêna.
Ing salajêngipun mangké badhé kula aturakên wontên ngarsanipun Bapa/Ibu ....( ingkang kalamar ).

        Botên kêkilapan panjênênganipun Bapa/Ibu....( ingkang nampi lamaran ), namung ngaturakên agunging panuwun mênggah sadaya pêparingipun badhé calon kadang bésan sutrêsna, pratandha yêkti kasoking katrêsnan.

        Mugi sêdaya kala wau dadosa sarana rakêting kêkadangan, sami-sami nêtêpi darmaning asêpuh anggènnya ngêntas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

         Amung sêmantên atur saking panjênênganipun Bapa/Ibu ...( ingkang nampi lamaran ), saha ngaturi uninga bilih sampun dumugi wahyaning kala-mangsa tumapaking ijab qobul utawi panggih, kasuwun sagung kulawarga, wontêna suka lilaning panggalih hanjênêngi paring pudyastuti murih rahayuning sêdya.

          Wasananing atur, bokbilih wontên kuciwaning bojakrami, anggèn kula hangacarani, mugi lumèbèrna sih samodra pangaksami.

          Sêmantên ugi kawula minangka talanging basa  bilih wontên gonyak-ganyuking wicara, kisruhing paramasastra, dalah kiranging subasita ingkang nyingkur saking rèh tata-krami, kêrsaha paring agunging pangaksama.

          Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


                         --- wjg ---


---> ana candhaké : 
      BAB : TULADHA ATUR
      PAMITAN IX. 33. C. 3.

0 comments:

Post a Comment