Sunday, December 29, 2019

IX. No. 18. A. 17. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA PURNANING KIRAB KASATRIYAN SINÊSÊLAN BÊKSA )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan   Pawiwahan 18 :


Aturé Pambiwara Purnaning Kirab Kasatriyan Sinêsêlan Bêksa :

       Para tamu kakung sumawana putri, kirabing putra pangantèn, ingkang winastan kirab kasatriyan sampun paripurna.

       Ingkang punika mugi wontêna suka lilaning panggalih panjênênganipun para tamu sinêdhahan lêlênggahan kanthi mirunggan, sinambi mirsani atur panglipur arupi pasugatan lêlangên Bêksan nun inggih Bêksa Karonsih ( utawi sanèsipun ), ingkang badhé katindakakên déning ... saha ... ( ingkang piniji ).

        Dhumatêng para lêbda ing budaya, ingkang tinanggênah hangayahi gati, sasana saha swasana kasumanggakakên.
Sumangga, nuwun.


                    --- wjg ---

----> Ana candhaké BAB : TULADHA
        ATURIPUN PANATACARA
        SASAMPUNIPUN LÊLIPUR BÊKSAN 
        IX.19.A.18
      

0 comments:

Post a Comment