Tuesday, December 17, 2019

VIII. No. 10. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG TANGGAP )

 Paramasastra Jawi 10 :


Rimbag Tanggap :

 --- Rimbag tanggap iku cacahé ana ênêm warna yaiku :

   I.  TANGGAP UTAMA PURUSA ( dak ).
  II.  TANGGAP MADYAMA PURUSA ( ko ).
 III.  TANGGAP PRATAMA PURUSA ( di ).
 IV.  TANGGAP ( ka ).
  V.  TANGGAP ( na ).
 VI.  TANGGAP TARUNG.


 I.  TANGGAP UTAMA PURUSA :

--- Tanggap utama purusa yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " dak "
Tanggap utama purusa " dak ",  iku  kapérang dadi têlung warna :  


a ). Tanggap utama purusa kriya-wantah.

~~ Tuladha :
       1. dak + gawa       =  dak-gawa.
       2. dak + tuku         =  dak-tuku.
       3. dak + tulis         =  dak-tulis.
       4. dak + sapu        =  dak-sapu, lsp.


  b ). Tanggap utama purusa i- kriya.

~~ Tuladha :
       1. dak + tulis + i     =  dak-tulisi.
       2. dak + sapu + i    =  dak-saponi.
       3. dak + gawa + i   =  dak-gawani.
       4. dak + tuku + i     =  dak-tukoni, lsp.


 c ).  Tanggap utama purusa ké-kriya.

~~ Tuladha :
       1. dak + tulis + aké  =  dak-tulisaké.
       2. dak + sapu + aké =  dak-sapokaké.
       3. dak + tuku + aké  =  dak-tukokaké.
       4. dak + pacul + aké=  dak-paculaké.
       5. dak + jajan + aké =  dak-jajakaké
       6. dak + gawa + aké = dak-gawakaké
       8. dak + papan + aké = dak-papakaké


 II.  TANGGAP MADYAMA PURUSA :

--- Tanggap madyama purusa yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " ko ".
--- Tanggap kasêbut uga kapérang dadi têlung warna :

 a ). Tanggap madyama purusa kriya 
        wantah.

 ~~ Tuladha :
        1. ko + gawa       =  kogawa.
        2. ko + sapu        =  kosapu.
        3. ko + pacul       =  kopacul.
        4. ko + tulis         =  kotulis, lsp.


  b ).  Tanggap madyama purusa i-kriya.

~~ Tuladha :
       1. ko + gawa + i     =  kogawani.
       2. ko + sapu + i      =  kosaponi.
       3. ko + tulis  +  i     =  kotulisi.
       4. ko + pacul + i     =  kopaculi.


  c ). Tanggap madyama purusa ké-kriya.

~~ Tuladha :
       1. ko + sapu + aké  =  kosapokaké.
       2. ko + tulis + aké   =  kotulisaké.
       3. ko + tuku + aké   =  kotukokaké.
       4. ko + gawa + aké =  kogawakaké.


III.  TANGGAP PRATAMA PURUSA :

--- Tanggap pratama purusa yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " di ".
--- Tanggap kasêbut uga kapérang dadi têlung warna yaiku :

  a ). Tanggap pratama purusa kriya 
         wantah.

~~ Tuladha :
       1. di + gawa    .=  digawa.
       2. di + sapu      =  disapu.
       3. di + tulis       =  ditulis.
       4. di + pacul     =  dipacul.


   b ). Tanggap pratama purusa i-kriya .

~~ Tuladha :
       1. di + gawa + i    =  digawani.
       2. di + sapu + i     =  disaponi.
       3. di + waca + i    =  diwacani.
       4. di + pacul + i    =  dipaculi.


   c ). Tanggap pratama purusa ké-kriya.

~~ Tuladha :
       1. di + pakan + aké  =  dipakakaké.
       2. di + sapu + aké    =  disapokaké.
       3. di + tuku + aké     =  ditukokaké.
       4. di + tulis + aké     =  ditulisaké. 
       5. di + papan + aké  =  dipapakaké



 IV. TANGGAP  " ka " :

--- Tanggap " ka " yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " ka ".
Tanggap " ka " kanggoné mung ana basa tulis, ing basa lésan ora tau kaucapaké, sing mêsthi kaucapaké padinan nganggo tanggap " di ".
--- Tanggap iki kapérang dadi têlung warna yaiku :

    a ). Tanggap " ka " kriya wantah.

~~ Tuladha :
      1. ka + jupuk     = kajupuk.
      2. ka + suwèk   = kasuwèk.
      3. ka + pangan  = kapangan.
      4. ka + balang   = kabalang.


     b ). Tanggap " ka " i-kriya.

Tanggap kasêbut ana ing pangêtrapé panambang " i " diganti dadi " an ".

~~ Tuladha :
1. ka + rêsik + an  = karêsikan ---> dirêsiki
 
2. ka + waca + an = kawacanên ---> 
    diwacani

3. ka + tulis + an  = katulisan ---> ditulisi



     c ). Tanggap " ka " ké-kriya.

~~ Tuladha :
1. ka + dadi + aké  = kadadèkaké ---> 
    didadèkaké

2. ka + tulis + aké = katulisaké ---> ditulisaké

3. ka + waca + aké = kawacakaké --->
    diwacakaké.

4. ka + jajan + aké = kajajakaké --->
    dijajakaké.

5. ka + papan + aké = kapapakaké --->
    dipapakaké.

6. ka + pakan + aké = kapakakaké --->
    dipakakaké.



V.  TANGGAP  " na " :

--- Yaiku têmbung lingga oleh sêsêlan " in "/ padha karo tanggap " di ".
--- Tanggap iki kapérang dadi têlung warna yaiku :

   a ). Tanggap " na " wantah.

~~ Tuladha :
     1. tulis + √ in   =  tinulis ( ditulis ).
     2. kèn + √ in    = kinèn ( dikèn ).
     3. kon + √ in    = kinon ( dikon ).


   b ). Tanggap " na " kriya wantah.

~~ Tuladha :
1. rêsik + √ in + an = rinêsikan ---> dirêsiki

2. waca + √ in + an =winacanan ---> 
    diwacani

3. kanthi + √ in + an = kinanthèn ---> 
    dikanthèni


    c ). Tanggap " na " ké-kriya.

~~ Tuladha :
1. suwèk + √ in + aké = sinuwèkaké ---> 
    disuwèkaké.

2. dadi + √ in + aké = dinadèkaké ---> 
    didadèkaké.


VI.  TANGGAP TARUNG :

--- Tanggap tarung iku têmbung lingga kagandhèng tanggap " na ", kang duwé têgês pada déné nindakaké.


~~ Tuladha :

      .1. tabok + tabok + √ in = tabok-tinabok.
       2. jiwit + jiwit + √ in = jiwit-jiniwit.
       3. cakot + cakot + √ in = cakot-cinakot.


                        --- wjg ---


-------> ana candhaké : BAB :
          RIMBAG GUNA VIII. 11


        

0 comments:

Post a Comment