Sunday, December 22, 2019

VIII. No. 39 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA SANANTA )

 Paramasastra Jawi 39 :


Ukara Sananta :

       Ukara Sananta yaiku, sarupaning ukara kang migunakaké têmbung Sananta, titikané têmbung Sananta wis ditêrangaké ing ngarêp.

        Ukara Sananta mujudaké ukara wêdharing gagasan kang nêrangaké manawa pagawéan mau durung ditindakaké, lagi arêp ditindakaké.

~~ Tuladha :
a )  1.  Aku tak ngétung buku.
       2. Aku tak njupuk dhuwit.
       3. Aku tak macul kêbon.
       4. Aku tak nulis layang ulêman.
       5. Aku tak nyapu kamar.


b ).  1. Aku tak ngitungi buku.
        2. Aku tak nulisi layang ulêman.
        3. Aku tak mbubuti sukêt
        4. Aku tak maculi kêbon.
        5. Aku tak nyaponi kamar.


c ).  1. Aku tak ngétungaké buku.
        2. Aku tak nyapokaké kamar.
        3. Aku tak njupukaké dhuwit.
        4. Aku tak maculaké  kêbon.
        5. Aku tak nulisaké  layang ulêman.


      Ukara Sananta kang diprêlokaké anggoné arêp tumandang gawé.

Katrangan :
Têmbung " dak " ing pacalathon dadi
  " tak " uga owah-owahan kasêbut wis umum katulis " tak " .




                          --- wjg ---


   ----> ana candhaké : 
           BAB : UKARA TANDANG VIII. 40. 

0 comments:

Post a Comment