Monday, December 30, 2019

IX. No. 28. B. 5. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA SUBA MANGGALA MÊTHUK KIRAB )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan     Pawiwahan 28 :


Panyandra Subamanggala Mêthuk Kirab :

      Padhang hanêrawang sumilak piyak katon angilak-ilak marga agung kang tumuju sasana rinêngga.

     Ana sêsotya coplok saking êmbanan lumampah mabukuh yayah prayitnèng kéwuh angrêgêmêng kadya Kartika Bimasakti anyuwak tutuking naga.
     Lha punika warnanira kang ndawêg anawung kridha, angayahi gati kinarya Suba Manggala ya Manggala Suba.

       Mangkana wus akêkalung puspita rinoncé, sigra madêg èsthining driya, lènging cipta arsa mboyong sang pindha naréndra têdhak saking palênggahanira tumujwèng panti busana.

         Sintên pêparapira priya jatmika ingkang kêparêng anyangkul jêjibahan agung punika, nun inggih panjênêngané adhimas .... ( ingkang piniji ).

         Dhasar pidêksa sarwa sambada maksih mudha tumaruna wimbuh hambêg susila hanoraga tandang-tanduké prasaja ngrêsêpaké pandulu, grapyak sêmanak, prasaja busananira.
Katitik saking solah-bawaning sarira, liringing nétra, ukêling asta, tumapaking pada anut wiramaning gangsa, kapracihna bilih Sang Suba Manggala satuhu lêbda ing sêni budaya.

           Tindakira kadhèrèkakên satriya sakêmbaran, kêmbar busananira, kêmbar dêdêgira, lamun cinandra lir jambé sinigar.
Inggih punika warnanira Talang Pati, Manggalayuda ya Pratiwa Manggalasuba.

            Sinambung ing wurinira, para kênya Srikandhining praja Nuswantara.
Busana sarwa èdi-pèni, solahé sarwa èdi,  èsêmé andudut sarta kêjêping nétra angrujit ati.

      Lumaksana jèjèr kalih-kalih salajur sisih, gandhês-aluwês wiragané, susila patrapé, hangujiwat èsêmé, pindha ngawé-awé para kang ana sandhiné.

              Laju lampahnya Risang Manggala Suba sampun prapta unggyaning kang tinuju.  Mila lajêng suka sasmita mring sêkaring pawiwahan, gya jêngkar saking palênggahan, manjing pêpungkuran.



                        --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB : TULADHA PANYANDRA
       KIRAB KANARÉNDRAN  IX. 29. B. 6.

0 comments:

Post a Comment