Saturday, November 23, 2019

III. No. 7. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA KRAMANTARA )



Unggah-Ungguhing Basa 7 :


Basa Kramantara :

--- Basa Kramantara utawa " Krama Lugu ".

--- Déné titikané Basa Kramantara yaiku : 

1. Kabèh têmbung migunakaké têmbung
    krama, tanpa kacampuran krama inggil.


2. Tumrap têmbung-têmbung :

Aku Kula
Kowé Sampéyan
Atêr-atêr dak Kula
Atêr-atêr ko Sampéyan
Atêr-atêr di Kula
Panambang ku Kula
Panambang mu Sampéyan
Panambang é ipun
Panambang aké akên


Katrangan Bab Panganggoné :

1. Gunêmé wong kang sapadhané, salah
    sijiné mênang/dhuwur dêrajaté.

2. Gunêmé bocah padha bocah/kancané.

3. Cak-cakané ana ing basa tulis, utawa  
    ing crita andharan.

Ana ing pagunêman, arang-arang kanggoné.


Tuladha gunêm :

1. Sampéyan punapa sampun rampung
    padamêlanipun ?

2. Manawi sampéyan suka, kula badhé
    nyambut gadhahan sampéyan sêpédha
    motor.

3. Wadhuh, gadhahan kula sawêg risak,
    banipun nggêmbos.

4. Sampéyan punapa tumut rapat RT wau
    dalu ?

5. Griya kula kosong, sêdaya sami
    késahan.


                          --- wjg ---


----> ana candhaké BASA MUDHA KRAMA
        III. 8. 

0 comments:

Post a Comment