Monday, December 30, 2019

IX. No.25. B.2 TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA DUTA PAMÊTHUK )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
 Pawiwahan 25 :


Payandra Duta Pamêthuk :


       Mabukuh yayah prayitnèng kéwuh lha punika ta warnanira ingkang ndawêg hanawung kridha, ana satriya sakêmbaran kang busana sarwa prasaja, dêdêg pidêksa, tindaké susila anorraga.

     Sênadyan kathah priya ingkang bêbasan sacathok gumbalané, sakêlut rêrawisé, ingkang wrêdha tan kirang ingkang mudha tumaruna sakalangkung kathah, parandéné dhatan wontên ingkang piniji ing karya minangka sang duta pamêthuk, kajawi panjênênganipun Bapa ... saha Bapa ... ( ingkang piniji ).

        Dhasar kêkalihipun satuhu priya ingkang sampun lêbda ing karya, katitik wontên madyaning bêbrayan agung kêkalihipun sampun naté dados têtuwanggana para warga.  
       Katon saking solah-bawa, obahing sarira, liringing nétra, tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna kêkalihipun satuhu lêbda ing budaya, mila tan mokal pantês minangka risang duta pamêthuk.

          Dupi prapta wontên ngarsaning ingkang hamêngku gati, sigra nyuwun tambahing pangèstu murih anggènipun ngayahi karya tandah manggih rahayu tan wontên pringga bayaning marga.

        Saya mantêp piyandêling dupi hanampi dhuwung ingkang awasta Kyai Sénggol Modot, dudu sadhéngah dhuwung ananging dhuwung kang darbé wêrdi linangkung.

        Lamun winatêk sarana wêninging cipta, wilahing dhuwung bisa modot sadhêpa dawané.  Sigra rêrikatan  lampahnya, gita-gita dumugi sasana ingkang sinêdya, yèku palêrêmanipun putra pangantèn kakung.


                        --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
         BAB : TULADHA PANYANDRA
         SOWANIPUN PANGANTÈN KAKUNG 
         IX. 26. B. 3.

0 comments:

Post a Comment