Sunday, December 29, 2019

IX. No. 14. A. 13. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA SASAMPUNIPUN ATUR PAMBAGYAHARJA )

 
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan  Pawiwahan 14 :


Aturé Pambiwara Paripurnané  Pambagyaharja :

             Satuhu tatas-titis, têrang-têrwaca, gamblang, wijang wijiling pangandika, kaduk ruruh hangarah prana panjênênganipun Bapa.....( ingkang piniji ) anggènipun ngaturakên pambagyaharja miwah wosing gati sampun paripurna.

              Ing salajêngipun kêparênga ngambali atur, mugi panjênênganipun para tamu kasuwun lêlênggahan kanthi mêrdu-mardikaning panggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Nuwun.



                       --- wjg ---


-----> Ana candhaké BAB : TULADHA
         ATURIPUN PANATACARA BADHÉ
         UPACARA KIRAB KANALÉNDRAN
         IX.15.A.14
        

0 comments:

Post a Comment