Sunday, December 15, 2019

VIII. No. 3. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG LINGGA )

 
Paramasastra Jawi 3 :


1. Têmbung Lingga :


--- Mungguh sing diarani " Têmbung Lingga " yaiku : têmbung-têmbung kang durung owah saka asalé, utawa têmbung kang isih asli.

Kayata :
--- 1. Macul ----------->  linggané --> "pacul "
--- 2. Nglambèni --->   linggané --> " klambi "
--- 3. Nalèni ---------->   linggané --> " tali "
--- 4. Kélangan ----->   linggané -->  " ilang "
--- 5. Kêpatèn ------->   linggané -->  " pati "
--- 6. Nulisaké ------>   linggané -->  " tulis "
--- 7. Mapakaké --->   linggané -->  " papan "
--- 8. Makakaké --->    linggané -->  " pakan "
         lsp.

--- Miturut katrangan para sarjana kang marsudi marang bab basa, ana têmbung kang umumé diarani têmbung asal kang kedadéan saka têmbung kang luwih tuwa.

       Déné têmbung asal, kang luwih tuwa iku asring diarani têmbung " wod " .

--- Mara gatèkna tuladha ing ngisor iki :

1. Têmbung wod " suk "
     Banjur bisa nganakaké têmbung lingga ---> usuk ; ésuk ; susuk ; lsp.

2. Têmbung wod " pis "
     Banjur bisa nganakaké têmbung lingga ---> lapis ; tipis ; tapis ; lsp.

3. Têmbung wod " lur "
     Banjur bisa nganakaké têmbung lingga ---> ulur ; dulur ; alur ; lsp.

4. Têmbung wod " wur "
     Banjur bisa nganakaké têmbung
---> lingga-> dhuwur ; tawur ; uwur ; lsp.


~~~ PÊPÈNGÊT :

--- Têmbung iku kapérang dadi  
    2 ( loro ) yaiku :

1. Têmbung kang mung sakêcap kang 
   durung nduwèni têgês :

Kayata :
suk ; lur ; pis ; wur ; lsp.


2. Têmbung wod kang mung sakêcap nanging wis nduwèni têgês.

Kayata : 
bal ; pit ; dom ; rèk ; lsp.




                    --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB : TÊMBUNG KANG WIS OWAH
       SAKA LINGGANÉ  VIII. 4.

0 comments:

Post a Comment