Sunday, November 24, 2019

III. No. 9 UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA WRÊDHA KRAMA )





Unggah-Ungguhing Basa 9 :

Basa Wrêdha Krama :

--- Basa Wrêdha Krama iku wujudé utawa titikané :

1. Têmbung-têmbungé krama kabèh, ora 
     kacampuran krama inggil.

2. Tumrap têmbung-têmbung :

Aku Kula
Kowé Sampéyan
Atêr-atêr dak Kula
Atêr-atêr ko Sampéyan
Atêr-atêr di panggah (ora owah)
Panambang é panggah (ora owah)
Panambang aké panggah (ora owah)
Panambang ku Kula
Panambang mu Sampéyan


--- Basa Wrêdha Krama iku kanggo caturan/gunêm wong tuwa marang wong ênom, utawa wong kang drajaté luwih dhuwur marang wong kang drajaté luwih êndhèp.

Nanging ing wêktu saiki wis arang kanggo, umumé sênadyan wong tuwa/drajaté luwih dhuwur têtêp ngajèni/ngrêgani karo sing diajak gunêm.

Mula sing dianggo gunêm Basa Mudha Krama utawa Krama Alus ( No. 8 ).

--- Tuladha gunêm :

1. Kados pundi kabaré Nak, rêmbag bab
    anggèné badhé tumbas siti ?

2. Mênawi dèrèng pikantuk, gadhahan kula
    kémawon sampéyan tumbas.

3. Bab rêginé kula mirahaké kémawon.

4. Supados katingal padhang, saéné
    dilabur pagêré.

5. Inggilé punapa sampun wontên satus
    sêwidak sènti, kok kêpèngin mlêbêt 
    ABRI.

  
                      --- wjg ---


----> ana candhaké  BASA KRAMA INGGIL
        III. 10. 

0 comments:

Post a Comment