Friday, December 20, 2019

VIII. No. 27. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG SAMBAWA )

 Paramasastra Jawi 27 :


Têmbung Sambawa :

---Têmbung Sambawa yaiku, sarupaning têmbung kang ngêmu surasa pagawéan mau durung klakon.

   PÊNGGAWÉNÉ TÊMBUNG SAMBAWA

 I. TÊMBUNG SAMBAWA SAKA TÊMBUNG
    TANDUK :

    Têmbung Sambawa saka têmbung tanduk kapérang dadi têlung warna yaiku :

 a. SAMBAWA TANDUK WANTAH.
 b. SAMBAWA TANDUK " i " KRIYA.
 c. SAMBAWA TANDUK " ké " KRIYA.


      Katrangané :

 a ).  SAMBAWA TANDUK WANTAH :

     Dadiné Sambawa, têmbung tanduk mau sarana kawuwuhan panambang " a ".
      Dadi wujudé = tanduk + a.

Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANDUK WANTAH.

~~ Tuladha :
1. nggawa + a ---> sambawané --->
                                nggawaa.
2. nyapu + a ------> sambawané ---> nyapua.
3. nulis + a  ------->  sambawané ---> nulisa.
4. milih + a ------->  sambawané ---> miliha.



b ). SAMBAWA TANDUK " i " KRIYA :

   Dadiné têmbung sambawa, têmbung tanduk msu kawuwuhan panambang "ana".
    Dadi wujudé = tanduk + ana.

Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANDUK " i " KRIYA.

~~ Tuladha :
1. milihi ---> sambawané ---> milihana.
2. nggawani ---> sambawané ---> 
    nggawanana.
3. nagihi ---> sambawané ---> nagihana.
4. nyaponi ---> sambawané ---> nyaponana.



c ). SAMBAWA TANDUK " " KRIYA :

   Dadiné têmbung sambawa, têmbung tanduk mau kawuwuhana panambang "na".
   Dadi wujudé = tanduk + na.
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANDUK " ké " KRIYA.

~~ Tuladha :
1. nacahaké ---> sambawané ---> nacahna.
2. milihaké -----> sambawané ---> milihna.
3. mbalekaké--> sambawané---> mbalèkna.
4. nyapokaké--> sambawané---> nyapokna.



II. TÊMBUNG SAMBAWA SAKA TÊMBUNG
     TANGGAP :

--- Têmbung Sambawa saka têmbung Tanggap kapérang dadi têlung golongan yaiku :

A. SAMBAWA TANGGAP " dak ".
B. SAMBAWA TANGGAP " ko " .
C. SAMBAWA TANGGAP " di " .

--- Katrangan :

A. SAMBAWA TANGGAP " dak " .

     Têmbung iki uga kaprinci dadi têlung warna yaiku :

a. SAMBAWA TANGGAP " dak " WANTAH.
b. SAMBAWA TANGGAP " dak " i- KRIYA.
c. SAMBAWA TANGGAP " ké " KRIYA.

--- Jlèntrèhané mangkéné :

a. SAMBAWA TANGGAP " dak " WANTAH :

     Dadiné têmbung Sambawa sarana kawuwuhan panambang " a ".
     Dadi wujudé = dak + lingga + a
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " dak " WANTAH.

~~ Tuladha :
1.  dak bathik ---> sambawané
      ---> dak bathika.
2.  dak tulis ---> sambawané
       ---> dak tulisa.
3.  dak sapu ---> sambawané
      ---> dak sapua, lsp.


b. SAMBAWA TANGGAP " dak " i-KRIYA :
     Dadiné têmbung Sambawa, têmbung tanggap mau sarana kawuwuhan panambang " ana "
     Dadiné wujudé = dak + lingga + ana
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " dak " i - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. dak bathiki ---> sambawané 
    ---> dak bathikana.
2. dak tulisi ---> sambawané
     ---> dak tulisana.
3. dak saponi ---> sambawané
     ---> dak saponana, lsp.


c. SAMBAWA TANGGAP " dak " ké - KRIYA.

     Dadiné têmbung Sambawa, têmbung tanggap mau kawuwuhan panambang " na "
       Dadi wujudé = dak + lingga + na
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " dak " " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. dak bathikaké ---> sambawané
     ---> dak bathikna.
2. dak tulisaké ---> sambawané
     --> dak tulisna.
3. dak sapokaké --> sambawané
     ---> dak sapokna, lsp.



B.  SAMBAWA TANGGAP " ko ".

      Têmbung iki uga kapérang dadi têlung warna yaiku :

a.  SAMBAWA TANGGAP " ko " WANTAH.
b.  SAMBAWA TANGGAP " ko " i - KRIYA.
c.  SAMBAWA TANGGAO " ko " ké- KRIYA.
 
  --- Jlèntrèhané mangkéné :

a. SAMBAWA TANGGAP " ko " WANTAH :

     Dadiné têmbung Sambawa , têmbung tanggap msu sarana kawuwuhan panambang " a ".
      Dadi wujudé : ko + lingga + a
Déné rimbagé diarani = RIMBAG SAMBAWA " ko " WANTAH.

~~ Tuladha :
1.  ko-garap ----> sambawané 
      ---> ko-garapa.
2.  ko-pacul ---> sambawané ---> ko pacula.
3.  ko-waca ---> sambawané ---> ko wacaa.
4.  ko-jupuk ---> sambawané ---> ko jupuka.

b. SAMBAWA TANGGAP " ko " i - KRIYA.

     Dadiné Sambawa, têmbung tanggap mau kawuwuhana panambang " ana "
      Dadi wujudé = ko + lingga + ana
Déné rimbagé diarani = RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " ko " i - KRIYA

~~ Tuladha :
1. ko-garapi ---> sambawané
     ---> ko garapana.
2. ko-paculi ---> sambawané
     ---> ko paculana.
3. ko-wacani ---> sambawané
     ---> ko wacanana.
4. ko-jupuki ---> sambawané
     ---> ko jupukana.

c. SAMBAWA TANGGAP " ko " ké-KRIYA.

    Dadiné Sambawa, têmbung tanggap mau kawuwuhana panambang " na "
     Dadi wujudé = ko + lingga + na
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " ko " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. ko-garapaké ---> sambawané 
     ---> ko garapna.
2. ko-paculaké ---> sambawané
     ---> ko paculna.
3. ko-wacakaké ---> sambawané
     --> ko wacakna.
4. ko-jupukaké ---> sambawané
      ---> ko jupukna.



C. SAMBAWA TANGGAP " di ".

     Têmbung iki uga uga kaprinci dadi têlung warna yaiku :

a. SAMBAWA TANGGAP " di " WANTAH.
b. SAMBAWA TANGGAP " di " i - KRIYA.
c. SAMBAWA TANGGAP " di " ké -KRIYA.

--- Peprincèné :

a. SAMBAWA TANGGAP " di " WANTAH
    Dadiné Sambawa, têmbungé tanggap diwuwuhi panambang " a "
     Dadi wujudé = di + lingga + a
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " di " WANTAH

~~ Tuladha :
1. di-cukur ---> sambawané ---> di cukura.
2. di-tambal --> sambawané --> di tambala.
3. di-sambung --> sambawané 
     --> di sambunga.
4. di-gunting ---> sambawané
     ---> di guntinga.


b. SAMBAWA TANGGAP " di " i - KRIYA.

    Dadiné Sambawa, têmbungé tanggap kawuwuhana panambang " ana ".
    Dadi wujudé = di + lingga + ana
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAO " di " i - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. di-guntingi ---> sambawané 
     ---> di guntingana.
2. di-sambungi ---> sambawané
     ---> di sambungana.
3. di-tambali --> sambawané 
     ---> di tambalana.
4. di-cukuri ---> sambawané 
     ---> di cukurana.


c. SAMBAWA TANGGAP "di " ké - KRIYA.

    Dadiné Sambawa, têmbungé tanggao sarana kawuwuhan panambang " na "
    Dadi wujudé = di + lingga + na
Déné rimbagé diarani RIMBAG TANGGAP " di " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. di-cukuraké ---> sambawané
     ---> di cukurna.
2. di-luluraké ---> sambawané 
     ---> di lulurna.
3. di-tambalaké --> sambawané
     ---> di tambalna, lsp.

      Kajaba têmbung tanduk sarta têmbung tanggap, têmbung liyané kang wis wujud andhahan uga bisa utawa kena digawé têmbung Sambawa.



 --- DÉNÉ TÊTÊNGÊRÉ MANGKÉNÉ  :

   I. Têmbung kang isih awujud lingga utawa kang durung mawa panambang, dadiné têmbung Sambawa sarana diwuwuhi panambang " a ".

~~ Tuladha :
1. galak   banjur dadi =  galaka.
2. pinter   banjur dadi =  pintera.
3. gedhé   banjur dadi =  gedhéa.
4. sugih    babjur dadu = sugiha.


  II. Têmbung kang wis oléh panambang " aké ", dadiné têmbung Sambawa sarana diwuwuhi panambang " na ".

~~ Tuladha :
1. nirokaké   banjur dadi     =  nirokna.
2. nisihaké   banjur dadi     =  nisihna.
3. njupukaké banjur dadi    =  njupukna.
4. ngguyokaké banjur dadi = ngguyokna.


 III. Têmbung kang mawa panambang liyané, dadiné têmbung Sambawa sarana diwuwuhi panambang " ana ".

~~ Tuladha :
1. balapan  banjur dadi  =  balapana.
2. sudukên  banjur dadi =  sudukana.
3. nyugihi  banjur dadi   =  nyugihana.
4. gawanên banjur dadi = gawanana.


 IV. Têmbung kang mawa panambang " an ", dadiné têmbung Sambawa sarana kawuwuhan panambang "a ".

~~ Tuladha :
1. impèn ( impi + an ) banjur dadi = 
    impèna.
2. bithèn ( bithi + an ) banjur dadi = 
    bithèna.
3. wungon ( wungu + an ) banjur dadi =
     wungona.
4. sakloron ( sakloro + an ) banjur dadi =
    saklorona.


      TÊGÊSÉ TÊMBUNG SAMBAWA.

   I. Kang ngêmu têgês  sênajan :

~~ Tuladha :
1. Gampanga kaé, aku ora bisa.
2. Nakala kaé, wong dhêmên wèwèh.
3. Bagusa kaé, wong nyatané cêthil.
4. Sugiha kaé, wong ora gêlêm nyumbang.


   II. Kang ngêmu têgês saupama :

~~ Tuladha :
1. Radaa rikat lakuné, rak ora kêpancal 
     sêpur.
2. Kok akonana luputmu, kowé malah oléh 
     pangapura.
3. Nulisa dhèk mau, saiki wis rampung.


 III. Kang ngêmu têgês ngarêp-arêp :

~~ Tuladha :
1. Wis wêngi kok durung mulih, 
    muga-muga slamêta lakuné.
2. Mbok ya ndang maria larané.
3. Muga-muga lulusa anggoné ujian.


 IV. Minangka kramané ukara pakon, kang ngemu têgês : pamuji utawa pangarêp-arêp :

~~ Tuladha :
1. Mugi kêparênga kèndêl sakêdhap.
2. Mugi kêrsaha pinarak.
3. Mugi énggala rawuh.

   Wondéné ukarané kabèh mau uga diarani " UKARA SAMBAWA ".


                   --- wjg ---


--------> ana bacuté :  
            BAB : UKARA VIII. 28.

0 comments:

Post a Comment