Monday, December 30, 2019

IX. No. 27. B. 4. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA UPACARA PANGGIH )





Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan  Pawiwahan 27 :


Panyandra Upacara Panggih :

      Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing papêsthèn, ing madyaning wisma pawiwahan ari/ratri punika, wontên titahing Gusti arupi jalwèstri, bangkit manunggalakên sêdya arsa ngancik ing alaming bêbrayan, hanêtêpi upacara adat Widhiwidana ingkang sampun sinêngkêr, inggih punika upacara panggih.
Panggih inggih hamêngku wardi Pangudi Gambuhing Panggalih.

       Lon-alonan tindakira sri pangantèn sarimbit, gya samya apagut tingal, têmpuking catur nétra mahanani manunggaling karsa, ginugah rasané, amung sajuga kang cinipta, antuka bagya-mulya ing donya tumêkèng dêlahan.

        Saya cakêt tindakira sri pangantèn kêkalih, nulya kumlawé astané pangantèn putri hanyawat/hambalang gantalan mring pangantèn kakung, ingkang winastan gondhang kasih.

         Sêmantên ugi pangantèn kakung gumanti anyawat gantalan gondhang tutur, dhumatêng gêgununganing manah.  Gantalan punika awujud suruh ingkang têmu erosé, ginulung ing salêbêting isi jambé ênèm, tinangsulan bênang lawé.

         Déné wêrdinipun manunggaling karsa antawisipun jalu pawestri kados suruh lumah lawan kurêbé, dinulu séjé wujudé, ginigit nunggal rasané.

         Sangsaya cakêt lampahé sri pangantèn sarimbit, anyakêti kêndhaga kêncana isi tirta wêning, pawêninganing kautaman katingal kambang-kambang kumambanging tri puspita warna yèku ; Kanthil, Mêlathi  sarta Mawar.

          Kanthil wêrdinipun kumanthiling katrêsnan pangantèn putri, Mêlathi wêrdiné kêdaling lathi sri pangantèn kakung, Mawar darbé wêrdi arum mangambar gandané ing donya tumêkèng dêlahan.

         Para rawuh ingkang minulya, pangantèn sarimbit sampun tangkêp asta, sigra anjêngku sri pangantèn putri ing ngarsané ingkang garwa, anyakêti kêndhaga kêncana, sigra anapak Antiga.

           Sawusnya sri pangantèn kakung amêcah antiga, sigra winijikan dèning sri pangantèn putri  pratandha tan ana kang pantês angayomi, anênuntun, anganthi  kéblating panêmbah mring Gusti Kang Murbèng Dumadi, kajawi sang binagus.

        Wus paripurna upacara panggih, sigra pangantèn sarimbit jumênêng jajar sumandhing, siningêpan sindur warna rékta lan séta déning ingkang Ibu, asung pralambang putra pangantèn sarimbit tansah tinuntun ing rèh kautaman, wani marang bêbênêr, wêdi marang kanisthan.

         Pangantèn sarimbit sigra binoyong lampahé, rinangkul kinêmpit-kêmpit déning ingkang Ibu, jêngkar saking sasana panggih tumuju mring palênggahanira kanthi sêsanti jaya-jaya wijayanti.

         Laju lampahnya kang pindha naréndra, dupi wus kaparêng unggyaning kang sinêdya, inggih ing dhampar rinêngga sigra lênggah jajar, kêkêt-rakêt rênggang gula kumêpyur pulut, sumunar cahyanira, ilang sipating titah sawantah, pindha déwaning asmara angéjawantah.



                        --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB : TULADHA PANYANDRA
       SANG SUBA MANGGALA MAPAG
       KIRABING PANGANTÈN  IX. 28. B. 5.

0 comments:

Post a Comment