Thursday, December 26, 2019

IX. No. 2. A. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : WÊDHARING PAMBIWARA AMBUKA PAWIWAHAN )



Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 2 :

 Panatacara Atur Pambuka :

       Assalaamu'alaikum Wr. Wb.
       Nuwun kawula nuwun ! 

      Sanggya para rawuh, utaminipun panjênênganipun para pêpundhèn, para sêsêpuh, para pinisêpuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lêbda ing pitutur kéblat ing panêmbah, ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn.

         Panjênênganipun para priyagung dharahing nata,  para sarjana sujanèng budi, para pangêmban pangêmbating praja, para satriyaning nagari, minangka pandam-pandoming para kawula dasih  ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.
          Para baraya wira wiyata, ingkang marsudi ing rèh kridhaning budaya myang karya.

          Para purna karya labêt praja, ingkang mahambêg luhuring darma  miwah para kadang sutrêsna mudha, wrêdha ingkang pantês sinudarsana, punapa déné para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

           Kanthi linambaran pêpayung budi rahayu  miwah ngaturakên sèwu agunging aksama, mugi kêparênga kawula hambuka wiwaraning suka, wênganing wicara, dwaraning kandha, nun inggih mradapa awit saking kêparêngipun ingkang hamêngku gati kawula piniji hanjêjêri minangka pangêndhaliwara, sapêrlu mratitisakên murih rancaking titilakssna adicara pawiwahan praja ing ari/ratri kalênggahan punika.

           Sadèrèngipun kawula ngaturakên rêroncening tata-adicara, kinarya hamurwani lêkas-wêkasing karti gatining karya, murih purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis king rubéda nir ing sambékala, sumangga langkung rumiyin kawula dhèrèkakên manungku puja, ngunjukakên sêmbah puji syukur wontên ngarsa dalêm Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, ingkang sampun kêparêng paring pangayoman gumêlaring alam agêsang wontên madyaning bêbrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasarira dhumatêng para rawuh dalasan kawula, saéngga kita sagêd hanglonggarakên panggalih, haminangkani wanci saha pêrluning gati  rawuh kêmpal manunggal wontên sasana pawiwahan/pahargyan punika, sapêrlu hanjênêngi saha paring bêrkah pangèstu dhumatêng panjênênganipun Bapa/Ibu....(ingkang mêngku gati) anggènipun hanêtêpi darmaning asêpuh, hangrakit puspita cêpaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, têtêpa winêngku ing suka basuki.

          Para rawuh kakung sumawana putri, wondéné mênggah rêroncèning tata adicara ingkang sampun rinancang,  rinacik, rinumpaka déning para kulawarga nun inggih :

--- Minangka purwakaning adicara, tinarbu buka sowanipun pangantèn/temantèn putri mijil saking têpas wangi, manjing ing madyaning sasana rinêngga.

--- Tanggap Risang Duta Pamêthuk  dupi hamirsani atmaja pangantèn putri lênggah hanggana raras, tumuntên bidhal dhumatêng palêrêman putra pangantèn kakung, sapêrlu kajêngkarakên tumuju sasana pawiwahan.

--- Sasampunipun putra pangantèn kakung rawuh wontên ing sasana rinêngga, tumuntên kalajêngakên adicara pasrah panampi.

--- Paripurna adicara pasrah panampi, kalajêngakên dhaup panggihing putra pangantèn anut satataning adat widiwidana ingkang sampun sinêngkêr, tumuntên kalajêngakên upacara krobongan.

--- Madyaning suka ing kalênggahan punika botèn kêkilapan kadang bésan sutrêsna lêkasing sêdya ugi dhèrèk mangayubagya kêparêngipun ingkang hamêngku gati, mila lajêng manjing wontên sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana tumuntên kalajêngakên upacara sungkêman.

--- Ing salajêngipun ingkang hamêngku gati nêdya marak ngabyantara, sapêrlu badhé ngaturakên pambagya katur panjênênganipun sagung para tamu.

--- Paripurna atur pambagyaharja pangantèn sarimbit badhé kalèngsèr saking madyaning sasana wiwaha, manjing sasana busana, sapêrlu rucat busana kanaréndran, santun busana kasatriyan.

--- Saparipurnanipun pangantèn sarimbit hangagêm busana kasatriyan, tumuntên kasowanakên malih ngabyantara ing ngarsa para tamu, sapêrlu hanyênyadong pudyastawa mrih widadaning bêbrayan.

--- Wondéné minangka pratandha paripurnaning pahargyan, menawi pangantèn sarimbit sampun jêngkar saking sasana rinêngga, tumuju wiwaraning pawiwahan, tandha yêkti pawiwahan sampun paripurna.

         Mêkatên mênggah rêroncèning tata adicara pawiwahan prasaja ing ari/ratri kalênggahan punika. 
Ing salajêngipun kêparêng para rawuh pinarak ing palênggahan kanthi mêrdu-mardikaning panggalih, miwah kula dhèrèkakên hangrantun tumapaking adicara, sinambi hanglaras larasing gêndhing-gêndhing saking Paguyuban Karawitan....ingkang dèn pangarsani panjênênganipun Bapa.....kanthi ngaturakên Gêndhing ....

Nuwun...nuwun...matur nuwun.


Katrangan :
Mênawi botèn mawi lêlipur gamêlan langsung, sagêd kaéwahan :

" ...... sinambi nglaras ungêling gêndhing-gêndhing Jawi, ingkang badhé kaaturakên dèning kadang ingkang piniji tinanggênah kinarya  mranata langên suka swara ".


                           --- wjg ---

    
---->  ana candhaké : 
         BAB : TULADHA ATURIPUN
         PANATACARA MIYOSIPUN
         PANGANTÈN PUTRI IX.No. 3. A. 2.

0 comments:

Post a Comment