Wednesday, November 20, 2019

III. No.2. UNGGAH-UNGGUHING BASA ( BAB : BASA NGOKO LUGU )



Unggah-ungguhing Basa 2 :

 Basa Ngoko Lugu :

--- Basa Ngoko Lugu iku sarupaning basa kang têmbung-têmbungé Ngoko kabèh, ora ana têmbungé krama.


--- Wondéné pênganggoné yaiku :

1. Kanggo gunêm marang sapadhané 
    kang wis kulina bangêt anggoné 
    srawung.
2. Kanggo gunêm marang kang kaprênah 
    ênom.
3. Yèn pinuju ngunandika ( gunêman 
     dhéwé utawa nglairaké pangunêk-
     unêk ).
4. Kanggo gunêmé wong tuwa marang 
     anak, lan putuné.


--- Titikané yaiku :

1. Tumrap têmbung : aku, kowé 
     ---> panggah ( ajêg ).
2. Tumrap atêr-atêr : dak, ko, di 
     ( tripurusa ) ---> panggah ( ajêg ).
3. Tumrap panambang : ku, mu, é, aké,
     ---> uga panggah ( ajêg ).


--- Tuladha :
1. Gunêmé wong tuwa marang wong
     ênom :

1.1.  
---- Lo kok kowé Ja ( Samija ).  Suwé ora
      tau katon.  Mêntas lungan apa ?

1.2. 
--- Kowé apa nganggur Min ( Sarimin ) ?
    Yèn lagi nganggur dak kon nglaburaké
    omahku.



2. Gunêm marang sêpadhané :

2.1. 
--- Nur ( Nuryati ), cathêtané basa Jawa
    apa komplit/ganêp ?
    Yèn komplit/ganêp, aku dak
    nyilih sadhéla,  sésuk dak balèkaké.

2.2. 
--- Ya kana, nanging yèn wis rampung
     kobalèkaké tênan lo, aja mulur.



3. Gunêm ngunandika  ( gunêm ngêtokaké
     pangunêk-unêk ) :

3.1. 
--- Rumangsaku ora duwé luput karo Warti.
    Généa kok dhèwèké sajak nêsu karo 
    aku ?

3.2. 
--- É, urip ana alam donya sapisan baé
    kok ya ora dadi wong sugih.


                     --- wjg ---

-----> ana candhaké BASA NGOKO
        ANDHAP  III. 3.

0 comments:

Post a Comment