Monday, December 16, 2019

VIII. No. 9 . PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG TANDUK )

 Paramasastra Jawi 9 :


 Rimbag Tanduk :


--- Rimbag Tanduk yaiku : têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr  hanuswara :
am ; any ; an ; ang ( han ; hany ; ham ; hang / ꦲꦩ꧀ ; ꦲꦚ꧀ ;.ꦲꦤ꧀ ; ꦲꦁ  ).

~~ Tuladha :
      1. an + damu     =  ndamu
      2. any + sapu     =  nyapu
      3. am + maca     =  maca
      4. ang + goréng  =  nggorèng, lsp.

--- Ditilik saka panambangé, rimbag tanduk bisa kapérang dadi têlung warna, yaiku :

   I. TANDUK KRIYA WANTAH.
  II. TANDUK " i " KRIYA utawa TANDUK " i "
 III. TANDUK " " KRIYA utawa TANDUK "          ".

Andharan :

  I. Tanduk  Kriya  Wantah yaiku : têmbung            tanduk kang tanpa panambang.

~~ Tuladha :
       1. ndhudhuk.
       2. nyukur.
       3. mbalang.
       4. nggawa, lsp.


 II. Tanduk " i " kriya yaiku : têmbung    
      tanduk kang mawa panambang " i ".

~~ Tuladha :
      1. ndhudhuki.
      2. nyaponi.
      3. mbalangi.
      4. nggawani, lsp.


 III. Tanduk " " kriya yaiku : têmbung 
       tanduk kang mawa panambang " aké ".

~~ Tuladha :
      1. ndhudhukaké.
      2. nyapokaké.
      3. mbalangaké.
      4. ngawakaké, lsp.


--- TÊGÊS-TÊGÊSÉ RIMBAG TANDUK :

A. Tanduk Wantah :

     I. Kang ngêmu têgês namakaké :
         a. njênu -----> têgêsé namakaké jenu.
         b. mênthung ---> têgêsé namakaké 
              pênthung.
        c. nggraji ---> têgêsé namakaké graji.


   II. Kang ngêmu têgês nganggêp :

       a. ngakang ---> nganggêp kakang.
       b. mbibi -------> nganggêp bibi.
       c. mbapa ----->. nganggêp bapa.


 III. Kang ngêmu têgês dadi :

      a. nyantrik ---> dadi cantrik.
      b. mbabu ----> dadi babu.
      c. mbatur ----> dadi batur.


 IV. Kang ngêmu têgês nuju utawa ngênêr :

     a. ngalor -----> nunu êlor.
     b. minggir ---> nuju pinggir.
     c. ngiwa  -----> nuju kiwa, lsp.


  V. Kang ngêmu têgês gawé :

      a. nyambêl ---> gawé sambêl.
      b. ngrujak ---->  gawé rujak.
      c. majik ----->  gawé wajik, lsp.


 VI. Kang ngêmu têgês réwa-réwa/éthok-
      éthok :

      a. mbisu  ------->  éthok-éthok bisu.
      b. mbodho ----->  éthok-éthok bodho.
      c. mbudhêg --->  éthok-éthok budhêg.


VII. Kang ngêmu têgês kaya :

      a. mucuk êri ------------>  kaya pucuk êri.
      b. ngombak banyu ---> kaya ombak 
           banyu.
      c. ngêtumbar -----------> kaya tumbar, 
          lsp.


B. TANDUK  " i "  KRIYA :

     I. Kang ngêmu têgês dadi :

        a. ngêpalani ---> dadi kêpala.
        b. mandhori ---> dadi mandhor.
        c. nuwani ------>  dadi têtuwané.
        d. nglurahi ----->  dadi lurah, lsp.


    II. Kang ngêmu têgês ngêtrapaké :

        a. mêdhaki -----> ngêtrapaké wêdhak.
        b. nglambèni --> ngêtrapaké klambi.
        c. ngêcèti -------> ngêtrapaké cèt.


 III.  Kang ngêmu têgês kaya :

       a. mriyayèni ------> kaya priyayi.
       b. ngênomi -------> kaya wong ênom.
       c. mbodhoni -----> kaya wong bodho.


 IV.  Kang ngêmu têgês mènèhi :

       a. makani ---->  mènèhi pakan.
       b. nyandhangi ---> mènèhi 
           sandhangan.
       c. ngombèni -----> mènèhi ombèn-
           ombèn.


  V.  Kang ngêmu têgês njalari/nyêbabaké :

       a. matuki ------>  njalari watuk.
       b. nggatêli ---->  njalari gatêl.
       c. mêdèni ----->  njalari wêdi.
       d. nglarani --->   njalari lara, lsp.


  VI. Kang ngêmu têgês ngundhaki :

       a. ngandêli -----> ngundhaki dadi 
           kandêl.
       b. ndawani -----> ngundhaki dadi dawa.
       c. nêlêsi ---------> ngundhaki dadi têlês.
       d. ngabangi ---> ngundhaki dadi abang.


C.  RIMBAG  " ké "  KRIYA :

     I. Kang ngêmu têgês namakaké :

        a. nyudukaké -----> namakaké suduk.
        b. manahaké -----> namakaké panah.
        c. mbêdhilaké ---> namakaké bêdhil.


   II. Kang ngêmu têgês kanggo wong liya :

       a. nulisaké ----> nulis kanggo wong 
           liya.
       b. nukokaké --> tuku kanggo wong liya.
       c. macakaké ---> maca kanggo wong 
           liya.


  III. Kang ngêmu têgês nindakaké 
       pagawéyan :

       a. nyingkiraké ---> nggawa sumingkir.
       b. nginggataké --> nggawa minggat.
       c. mlayokaké ---->  nggawa mlayu, lsp.


  IV.  Kang ngêmu têgês  gawé supaya :

        a. nggumunaké ---> gawé supaya 
            gumun.
       b. mintêraké --------> gawé supaya 
            pintêr.
       c. nglancipaké ----> gawé supaya 
           lancip, lsp.



                         --- wjg ---


-------> ana candhaké :
           BAB : RIMBAG TANGGAP VIII. 10.

0 comments:

Post a Comment