Tuesday, December 31, 2019

IX. No. 30. B. 7. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA KIRAB KASATRIYAN )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
  Pawiwahan 30 :


Panyandra Kirab Kasatriyan :

       Lir madu gêndhis rêspati hangranuhi mamardi basa tama hangrêngga rêngganing hargya, yayah lêlangên kusuma Tamansari Lir Sang Madubranta hangrasuk busana kasatriyan sarwa kêmbar warnané, sirna kamanungsané pindha Sang Hyang Asmara mangéjawantah onêng sarining arum puspita.  Sèwu nugraha wus kapatêdhan mring pangantèn sarimbit, pratandha wus nyarira wahyuning jodho katon saking sênênging wadana kang hanuksmèng sasi.

         Tindakira kadhèrèkan Sang Suba Manggala kang wus piniji.  Sênadyanta taksih mudha tumaruna nanging wus katon mrabawani, sênadyanta angagêm sarwa prasaja, sêmbada ing driya tan mingkuh saliring pakéwuh bangkit angêntasi karya.

      Dhasar lêbda ing budaya, mumpuni ing kawruh putus ngèlmu, paribasané agal alit wus kinêmpit ing salêbêting sanubari, mila pantês kinarya dadya panuntuning lampah.

           Sawurinira ana satriya sajodho kêmbar ing busana, punika ta warnanira Pratiwa Manggala Suba ya Sang Suba Manggala.

         Déné têmbéné kang uninga yekti anyêngguh lamun Radèn Layang Séta lan Layang Kumitir, nanging yêktiné béda Bapa séjé Ibu, hamung nunggal pakarêman.

           Lumampahnya mênggak krama,  tumapaking pada anut wirama saéngga kadya satriya ajar bêksa, kawistara anggènnya kikuk ing solah-bawa.

             Katingal sêmu gêgojégan jroning lumampah, parandéné malah karya asrining pahargyan. 

              Lha punika ta warnanira patah sakêmbaran, sawusnya salin busana malah katingal saya sulistya, sênadyan durung pêdhot lamun nggêgêt suruh, durung têdhas doyan nginang, parandéné wus bangkit amamèt prana akarya sêngsêming wardaya.

             Sinigêg gantya kang cinarita, lha punika warnanira sêkaring pahargyan ing ri/ratri puniki, nênggih risang pinangantèn sarimbit.  Pangantèn kakung sêmbada wiratama, dhasar bagus ing warna, pangantèn putri éndah sulistyèng warni.
Lumampah akêkanthèn asta, mésam-mésêm hangujiwat lêlêda, hanggung rêrêmêtan racikan, nggraita lamun tan wontên kang uninga.

        Ing raos muluk hangambara, kadi wus manggih raosing rasa rinuruh, supé purwa madya wasanané, hangraita mênawi jagat punika gadhahanipun priyangga.

            Tan kantun sang juru paès dalah Ibu pangeymbaning putra pangantèn sêkaliyan.  Kêkalihira tansah ngêtut wuntat ngawat-awati lampahnya pinangantèn kêkalih, sinartan puji-donga, mugiya putra pangantèn sarimbit ing têmbé dadiya satriya panuntuning jalma tama, kang bisa mêmayu hayuning jagat raya.

            Nalika samana tindakira putra pangantèn sarimbit, ginarubyug para putri ingkang pindha Dhomas.
Lampahnya ngêmu wiraga, èsêmé dinawa-dawa  lêléwané sajak lêlêda, pamrihé sang juru gambar pijêr mara.

             Ana kang ayu, wontên kang manis, kathah kang mêrak ati, sêdaya taksih kênya rêmaja andungkap déwasa.
Sênadyan kêmbar busanané nanging béda-béda wiragané.

         Ana sawênèh kênya kang katon sukunira tansah diangkat, kapyarsa lamat-lamat sêsambat, tak réwangi tirakat nganti mripatku ora kuat, gèk kapan bésuk aku diwêngku priyayi darbé pangkat.

               Ana uga sawênèh kênya ingkang ngujiwat èsêmé, gandhês-aluwês sasolahé, yèn gumuyu dhêkik pipiné, ngêmbang bakung rékmané, ngêlung gadung janggané, mblarak sêmpal lambéané.

   ......Kapyarsa lamat-lamat sêsambaté " Adhuh laé bésuk kapan aku dijèjèraké kaya pangantèné, sing rawuh hanjênêngi saméné akèhé, brêgas kabèh para among tamuné, trêngginas trampil panawung kridhané, sarta wasis panatacarané ".

             Wondéné minangka buntuting lampah, punika warnanira ingkang hamêngku karya sarimbit.  Jroning cipta tansah mêminta mring Gusti Kang Maha Murba, mugi-mugi putra pangantèn sarimbit anggènira badhé lêlumban lêlayaran ing samodraning bêbrayan, mangiha bagya-mulya ingkang sinêdya, rahayu ingkang tinuju.
Lulus raharja kalis king pringgabayaning marga.
            Sanggya para tamu, samangké risang pangantèn wus lênggah ing dhampar rinêngga, lênggah amarikêlu angrantun laksitaning adicara.



                      --- wjg ---


 ---->  ana candhaké  : 
         BAB : TULADHA ATUR PASRAH
         SRAH-SRAHAN   IX. 31. C. 1.
 
   

0 comments:

Post a Comment