Sunday, December 29, 2019

IX. No. 22. A. 21. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ PURNANING GATI )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan     Pawiwahan 22 :



Aturé Pambiwara Badhé Purnaning Gati :

           Wahyaning mangsa kala wus handungkap purnaning adicara jumbuh kaliyan urut rêroncèning adicara, purwa, madya, wasana sampun lumampah déning para kulawangsa, kanthi rahayu kalis king rubéda.

           Minangka pratandha purnaning adicara, kasuwun panjênênganipun Ibu .... ( juru rias ), kêparênga hambêdhol putra pangantèn sarimbit  tumujwèng wiwaraning wisma pawiwahan  ingkang sapêrlu anguntapakên konduripun para tamu, saha nyuwun tambahing bêrkah pangèstu.

          Kanthi makatên pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/ratri punika, sampun paripurna, sinartan asêsanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya pinanggih.

          Jêngkaring putra pangantèn sarimbit sinawang yayah galéyongan lampahé 
( Binarung Ldr. Gléyong Pélog 6 ).

            

                         --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB :  TULADHA ATUR PANUTUP
       PANATACARA WONTEN PAWIWAHAN
       PANGANTÈN  IX. 23. A. 22.

0 comments:

Post a Comment